Abot sanggané wong wadon neng mangsa Virus Covid-19

Kula minangka ibu-ibu badhé ngudarasa, nék sejeroné mangsan Virus utawané disebut pandemi Covid 19.
Kula jan arep waléh napa malih, minangka wong wadon atiné krasa kaya diremed-remed amben dinané.
Nék bojo kambi anak sami késah ndandeng lunga metu sekang ngumah.
Sing Bapané pamit agep nggelét boga pangupa jiwa utawa ngodé.
Anaké jéré mblenger dupé-éh bosen neng umah baé, kepéngin ngéndong kanca batir.

Jan atiné wong wadon kaya kula, kewatir pisan, andang-andang mengko pada ketularan covid.
Utawa baliné ngawa pernyakit sing bisa nulari para sesepuh sing isih pada sugeng neng umah.
Utawa mengko mbok dadi lara terus ora ketulungan.

Jan, dadi tiyang wadon niku sarwané abot, jéré nek “awan nggo ketiplak, mbengi nggo umpak”,
Tapi nék ana gedadéyan kaya niki, dadi tambah abot sanggané.

Durung maning, bapané bocah golé ngodé dodolan teng pasar, sekiyé sepi sing tuku.
Baté wong pada wedi kerumunan pasar.
Uga jéré, wong agi pada ngirit, baté penghasilané kurang, dadi ngurangi blanjané.
Apa kayongé, wong wis pada cukup, ora perlu blanja maning neng pasar, baté wis akéh banton sing pada debagi-bagi turut ndésa.

Pancén jéré para Wasis, pada ngendika, lamona siki dhéwék pada kon prihatin.
Mungkur sekang kadunyan, andap asor, lan kudu resik atiné, mulya budiné.
Jan kaya diémutaken, bosan gemiyén sedurungé ana mangsan virus, dhéwék kabéh kaya pada jor-joran.
Cokan pada dupéh, dupéh nduwé, dupéh gedhé, dupéh kuasa, lan dupéh dupéh liyané.

Siki keton, nék dhéwék kabéh langka bedané, wong gedhé, cilik, sugih, mlarat, nék nganti keserang virus, begja cilakané terus kondur maring alam kelanggengan,
Yaa, nasibé arep pada baé, arep diurusi karo mbuh sapa, dudu sanak dudu kadang, dibungkus plastik ..”jejek neng luwang”

Ndéyan, perlambangé gerakan telu M sing siki sering dikandahaken,
Ora gur dadi pameling keséhatan, kosokbaliné uga nduwé teges sing disamudana kanti sanépa dening Gusti Allah.

1. Memakai Masker
Tegesé dhéwék kabéh, ora kena kakéhen ngomong ngrasani uwong liya, aja goroh, kudu jujur.

2. Mencuci Tangan
Tegesé awaké dhéwék kon tanganeé resik aja seneng kepéngin duwéké wong liya sing dudu hak, lan apa baé sembarang gawé, kudu diniati ati sing resik.

3. Menjaga Jarak
Tegeseé dhéwék kudu bisa milih lan milah maring kanca batir, nék pérek aja kepéreken, lamona adoh, aja kadohen, dadi antarané hak manungsa siji lan sijineé kudu pada diregani, mliginé rasa kamanungsan sing kudu dijunjung duwur.

Pancén saiki dhéwék pada kudu nrima maring kahanan,
Jaman wis mancik mangsa sing jéré para Wiku gemiyén, disebut “wolak waliking jaman”
Sing begja bisa dadi cilaka, sing luhur bisa dadi asor, merga kahanan sing ujug-ujug malik grembyang sekiyé.

Mulané dadi wong wadon, senajan cokan dianggep kanca wingking, malah kaya mau inyong matur, cokan nggo ketiplak uga nggo umpak.
Siki kudu bisa ngendaleni keluarga, dadi nahkoda keluarga, sing bisa mbombong atiné bojo sing siki agi kangélan nggelét pangupa jiwa, menging bocah sing pada ora betah neng ngumah,
Kudu téyéng ngatur duwit blanja, sing sengsaya suwé selot mengkered, kudu dijéréng, sing cilakané bisa suwék, ora butul nggo blanja sawulan.

Siki pancén mangsa prihatin tumprapé wong wadon, ora gur ngleksanakna tugas kaya adat amben dinané, uga kudu bisa ngayemi, ngayomi, mbimbing lan mbombong maring keluargané, anak bojoné, mén dadi semangat ngadepi urip sing selot tambah ora gampang sekiyé.

Nuwun.. Klilan

Tapa Maruta

Lair taun 1966 neng Banyumas, siki dadi Kahumas Pemkab Banyumas.

Mayuh dikomentari luur..