Dina Senén wengi (21/02) neng Lapangan Desa Ketenger akéh wong pada nganggoni klambi sarwa ireng. Sing lanang nganggo iket, uga ana sing nganggo blankon. Sing wadon pada nganggo kebaya lan jaritan. Rupané jan pada gagah tur ayu-ayu pisan.

Kabéh wong pada mlaku iring-iringan, ning tetep anteng, meneng, ora ana sing nyuara. Sewisé tekan panggonan sing wis disediakna panitia, banjur pada njagong melingkar lan nerusna laku weningé.

Angin pegunungan sing semribit lan kukus dupa sing wanginé sumebyar, nggawé prosési wening bareng krasa syahdu tur khidmat pisan.

Kuwé mung sethithik gambaran sing ana neng acara Banyumas Wening Bareng.

Banyumas Wening Bareng yakuwé acara sing dianakna kanggo ngungkapna rasa syukur neng malem pergantian dina nuju tanggal 22 Februari 2022.

Miturut Naskah Kalibening, neng tanggal 22-02-2022 dadi tanggal hari jadiné Kabupaten Banyumas sing siki umuré wis 451 taun.

Acara kiyé diwiwiti sekang Wisma Desa “Dewi Gilang” Ketenger, banjur sekitar jam 22.00 WIB dilanjut mlaku bareng maring lapangan Désa Ketenger Baturraden kanggo nglakoni prosesi wening bareng.

Sewisé prosesi wening rampung kabeh peserta banjur pada mbalik maring Wisma Dewi Gilang nggo nerusna acara ramah tamah lan silaturahmi.

Acara kiyé dirawuhi neng perwakilan élemén masyarakat kayadené Budayawan, Pemuka Agama lan Penghayat. Ana sekitar wong satus lewih sing melu neng acara kiyé.

Ketua Pelaksana acara Banyumas Wening Bareng, KRT. Kuspono Totoraharjo, nyampékna déné tujuan digelaré acara kiyé bén menungsa Banyumas bisa menyelaraskan diri karo alam, uga sebagé ungkapan rasa syukur maring Gusti.

Seliyané kuwé, acara kiyé uga kepéngin nyatukna kabéh élemén masyarakat, khususé neng tlatah Banyumas Raya.

Ditakoni harapané, Pak Kuspono njelasna nduwéni rencana lan kepénginan nggawé acara serupa, sing penting ora gawé brisik lan gaduh sesama karo alam raya. Formaté uga kudu lewih apik.

Dirgahayu 451 taun Kabupaten Banyumas. Banyumas Bregas Waras. Menungsané bisa selaras karo alamé lan bisa guyub rukun maring sepada-pada. Video liputané mangga bisa desimak neng ngisor kiyé.

Redaksi Ndleming.com

Sing mandegani website Ndleming dot com

Waca liyané:

Mayuh dikomentari luur..