Gedubrag!! (swara lincak dewalik)

“Lehhhh apa maning jan, ki? Kenangapa koh ngasi mbéthem kaya kuwé?”

Kakiné ésih meneng.

“Hmmm, ngomongi wong tah iya kon sing aso, lah kiyé malah mbabit déwék. Hora ana angin hora ana udan hora ana bledég rika ujug-ujug baé koh gawé trataban deg deg serrr..”

“Aja gujih ko, hora ngerti apa? Nyong lagi kéok caturan koh!”

“Erammm rika loh nggegeti, tek ngguyu sit ya huahahaha… Ujarku yah tek deleng-deleng wong rika kétmau mbok caturan nglakokna ya déwék ora ana mungsuéh… Jan rika mabok apa?”

“Mabok kopi pait!”

“Rasané kaya jaman siki ya, ki? Hahaaa”

“Berisik!! Aja keseron mbok ndarani ngrasani bauné déwék ora olih sembako gratis”

“Kuwé sih iya ki, hora papa lah wis biasa ikih. Berarti déwék kuwé dearani wong sugih. Jéré rika ya mbok nikmati syukuri baé, kabéh mau wis dadi dalan urip

“Jal ki cerita mbuh apa sing babagan mau kaé ngasi lincaké dewalik”

“Ya ngénéh karo pijeti gigiré, ningén alonan baé”

“Ya, ki…”

“Dadi kaya kiyé…. Aighhhh (karo antob), pénak temen ya, sebelah kiwé kuwé”

Waca Liyane:  Medi

Gageyan koh ki piwé critané… Nang baé tek pijeti sing kepénak pokoké”

“Tek lanjutna njah… Ko ngerti mbok catur wujudé apa? Ana pion, pluncur, jaran, bénténg, ratu karo raja, wernané ireng karo putih.”

“Iya ki kepriwé ? Nyong ya lawan rika kalah baé angger dolanan, mulané rika senengé dolanan déwék. Ningén ndengarén wong biasané ya latahan ngakak déwék, kiyé ujug-ujug mbabit ngasi lincaké dewalik? Mangsudé kélangan bénténg kepriwé?”

“Rungokna ya inyong dolanan catur kuwé ora mung sekedar caturan.
Ujaré rika inyong dolanan déwék ya?”

“Haaaaa… Kepriwé ki? Terus caturan karo sapa?”

“Nah kiyé siki wis wayaéh tek bukak, tek wedar kabéh! Ningén sedurungé gawékna kopi pait maning bén tambah ngecébrés karo lintingané sisan kaé nang pawon sanding suluh, gawakna kabeh.”

“Sendika dawuh, ki..”

Kakiné ngidung rengeng-rengeng

“Aja turu sore kaki. Ana déwa langlang jagad. Nyangking bokor kencanané. Isiné dunga tetulak, sandang kalawan pangan.”

“Maén ya ki swarané derungokna. Kiyéh lintingan ses karo kopi paité, ngénéh karo tek pijeti maning”

Kakine nglinting terus desumed.

“Menyané gerrr pisan mambuné karo nyruput kopi. Aaaakhhhh kemlecer pisan kiyé padhang jagaté.. Mau tekan ngendi yah?”

Waca Liyane:  Werna-Werna Jenengé Rambut

“Ya kaé mau ki sing rika caturan kuwé jéré hora déwékan?”

“Hmmmm karo merem ndengkluk-ndengkluk.

“Bénténgé ilang kuwé ora baén-baén, lah mbok ésih ratu, mlakuné teyeng nganah ngénéh, apa maning jaran golé nyadug ya ora lurus”

Kakiné nggreyem kayong maca mantra.

“Cempuleké dadi béda kahanané…”

“Loh loh loh dénéng kakiné swarané béda njah?” (nang mbatin). Golé udud ya béda ora kaya mauné.

“Kula nuwun sinten njih sing rawuh? Mangga.. Kula putuné kakiné..”

“Kula Éyang Cewirun.” Swarané anteb kaya macan, gawé mrinding…

“Oh nggih Éyang, sembah pangabektos kula. Sugeng rawuh mangga…”

“Kaya kiyé loh putu apa sing deomongna kakimu kuwé bener. Rika kuwé putu siji-sijiné wis wayaéh ngerti merga Éyang ngerti apa baé sing rika nglakoni”

“Nggih Éyang…”

“Tu putu… tulung kiyé desimpen nang atimu. Deéling-éling , bén rika lewih tatag maring ngarepé , apa maning rika tresna maring budaya.”

“Nggih Éyang …”

“Tu putu babagan bénténge ilang sebeneré nang budaya sing wis pada klalén, pada ngaku beneré déwék dadi gawé plekara sing hora apik.

“Nang budaya kuwé kudu depada-pada bebrayan lamona séjén ngélmuné…”

“Bénténgé ilang kuwé ora baén-baén merga kuwé basa alam utawa sanépa. Deéling waspada ya tu putuku, kakimu ya wis sepuh, déwéké kuwé ngerti mung wong ora pada ngerti.”

Waca Liyane:  Sajén Nggo Sawah

“Tu putu bénténgé ilang kuwé ibarat nduwé témbok nggo nahan sekang apa baé bén ora dungkar. Rika tresna maring budaya ya delakoni baé. Angger ora tatag utawa olih sing kirané ora demudengi, degendu rasa baé karo kakimu. Aja kawatir ko kuwé ana sing nglindungi nék ana apa-apa.
Ya kuwe Éyang mu déwék karo sagung luhur sagung sepuh seliya-liyané.”

“Siki akéh wong pada salah kaprah merga ginau budaya. Sedermané baé. Babagan rejeki aja kawatir mesti dewéih. Sing aso baé ya tu, putuku sing tek tresnani. Bénténgé ilang kayongé sepélé ningén bakal dadi gedé urusané. Ngésuk maring pojokan papat daerah kiye guna mbentengi maning. Merga ben dadi ngurangi kedadean sing lewih gedhe.”

“Nggih Éyang… matur nuwun pitutur pituduh pitulunge”

“Hahahahahaha” (Kakiné ngakak).

“Kepriwé ko dadi ngerti mbok?”

“Iya Ki..”

“Ya wis nganah kaé sing nggo suluh kayune pada sesigari maning”

Rahayu Mulyaning Jagat