Dina Rebo tanggal 30 Désémber 2020  antarané jam 9 ésuk, inyong nguja maring Ajibarang maning seperlu arep njikot belor. Wingi nembé tek ganti kacané sing wis mandan bures, borak-barék dadi angger nggo ndeleng utawané nggo maca dadi ora patia genah. Dhasaré anu kacané wis mandan suwé, lewih kurang ana patangtaunan.

Sedurungé mburu maring optic, inyong nguja sekang umah tek niati arep nyénsus dhisit kon supayané ati karo awaké mandan begér lan kuwat ngadhepi kahanan jaman sing sangsaya ora genah.

Kawit nulis klinthung sing pas lagi dolan maring Cirebon, inyong dadi kayong ketumanen nulis babagan dolan-dolan sing mambu kulinér. Kaya déné Pak Bondan Winarno almarhum, sing ganu cokan methungul neng tivi. Dhéwéké bisa dolan ngalor-ngidul maring endi ora, maring kutha-kutha neng Indonésia saperlu jajan lan nyipéni masakan khas Nusantara.

Esuk kiyé inyong maring nggon sing andingan wingi ketemu Pak Darso, Bakul Cilok Munggah Kaji (Ndleming, 24 Désémber 2020). Dina kiyé inyong ora nemoni Pak Darso, ningén nguja mburu pangkalan bubur kacang ijoné Pak Abu Nasir.

Angger rika padha sing dadi wong Ajibarang ndéan wis paham sapa kuwé Pak Nasir. Ningén angger sing dudu wong Ajibarang njuran takon sapa sih Pak Nasir? Wong endi?

Pak Abu Nasir utawa Pak Nasir kuwé bakul bubur kacang ijo sing umahé neng Lesmana. Dhéwéké oléhé dagang bubur kacang ijo kawit taun 1977. Wektu semana oléhé dodolan égin neng pasar lawas sewétan masjid At Taqwa Ajibarang, sing sekiyé wis dedadékna taman kota.

Jan-jané sing dagang bubur kacang ijo ya ora mung Pak Nasir thok, ningén kabéh bakul wis duwé pelanggan uga selérané dhéwék-dhéwék. Rejekiné menungsa urip kuwé wis dejatah miturut porsiné sekang Gusti Allah. Mula awaké dhéwék ora kena méri utawa wedi rejekiné nyasar maring nggoné tanggané. Mungbaé, oléhé mbukak usaha kudu tetep nganggo dalan sing apik, ora kena dalan sing ora bener.

Wektu semana, bubur kacang ijoné Pak Nasir semangkoké angger sing biasa mung deregani 100 pérak, angger sing nganggo campuran ketan ireng lan susu regané 400 pérak.

Saben inyong mélu biyungé becer maring pasar, inyong ora kéri njaluk dejajanna bubur kacang ijo. Mbuh kepriwé rasané koh kayong ngangeni neng ilat, rasa gurih santen campur susu karo ketan ireng wis pokoké dadi tambah nylekamin.

Antarané taun 1995-1996, Koplak lan pasaré deboyong maring igar kidul. Jéré kon supayané panggonané mandan amba. Dhasaré pasar Ajibarang sekiyé angger ora salah mlebu dadi salah sijiné Pasar Induk paling gedhé se Jawa Tengah. Kabéh bakul padha pindhah, ora kéri Pak Nasir uga mélu pindhah nggon sing anyar.

Senajan pindhah nggon, para pelanggan setiané Pak Nasir jéré ora bisa pindhah ke lain hati, hehehe… kaya judhul laguné Kla Project baé yoh? Kaé loh sing lirik laguné moniné kurang lewih kaya kiyé, harusku akui tak bisa ke lain hati…

Neng pasar Ajibarang sing anyar, bubur kacang ijoné Pak Nasir tetep nggo golétan. Inyong uga ora kéri, angger pas bali sekolahé mandan gasik, inyong karo batiré cokan mampir dhisit, nambani rasa kangen sing ana njero weteng. Eh kangen apa kencot ya? Lah pokoké loro-loroné bener kabéh, wong inyong ikih sing ngrasakna dhéwék.

Sekiyé, Pak Nasir oléhé dagang bubur kacang ijoné pindhah nggon maning, yakuwé neng igar kidul, ndhuwur brug kali tengah debatiri bojoné. Lapak sing neng pasar anyar Ajibarang uga ésih ana, sing nunggoni anak lanangé.

Pancén bubur kacang ijoné Pak Abu Nasir kuwé wis dadi bubur kacang ijo légendaris, kawit taun 1977 nganti tekan 2020 ésih tetep éksis oléhé njaga rasa lan kwalitas buburé. Sekiyé sing biasa semangkoké regané 4000, angger sing campur susu karo ketan ireng regané mung limang éwu pérak. Gwéh, murah, énak, nikmat, sehat tur gawé mangseg neng weteng.

Wis seméné dhisit ya, crita klinthung dina kiyé. Ngésuk apa ngembén, muga-muga ésih deparingi panjang umur uga keséhatan, inyong arep crita klinthung liyané nggo kanca batir, sedulur kabéh. Menawa inyong duwé luput, inyong njaluk pangapura sing gedhé ya? Tetep jaga kesehatan, aja kelalén maskeran, wisuh lan aja keri madhang dewareg kon séhat, waras, wiris slamet. Kepareng, klilaaaan…

Tumiyang, Pekuncén, 30 Désémber 2020

Pensil Kajoe

Penulis tetap neng minggon basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta neng rubrik Banyumasan. Wis nulis 17 buku tunggal lan 30 buku antologi bersama.

Komentaré wong-wong

  1. Kesuwun mas pensil, Inyong dadi ngiler kepengin cusss…tapi mas bojo lagi kurang sehat. Mudah mudahan diparingi kesehatan lan kesempatan nyicipi gurih legit bubur e pak Nasir aamiin

    Reply

Mayuh dikomentari luur..