Mangan keci-pir thoal
nang mburitan
Nduwuran ngasi kenthir
ora rumangsa
Karo ngisoran
Manuk manyar ménclok wit jambé
Pethil pangé kencanthél nang kembangé
Amben dina ngodé
kasil ya ming seména-seméné
Blarak loro sempal ning nyanthol
Baya duwé cocot ning mambu
Anak bojo ditinggal
Sabaré pool
Kaya ngarep-arep blekicot mlaku
Segara kidul pranti nggo santé
Gabah dipé nang cedek kandang marmut
Ndina mengi isuk soré
Bocah manut ora ribut
Jaran putih amba sikilé
Tuma urip suwé-suwé mati
Pengéran wis njaga sekabéhé
Nrima pandumé Gusti kang murbeng dumadi
Mbako dilinting dilebokna njero lambé
Lawangé mlompong merga wis bejat
Koo ana sing téga-tégané
Nyolong pangan rakyat
…
Kayata mangan ula séndok
Mangan menir
Mangan réwangan rakyat
Tuli uis ulih grabagan
Seka ngisoran
Lha koo sekarepé dhéwék
Apa ora duwé wudel
Apa ora duwé ati
Apa ora rumangsa
Owalah nduwuran….nduwuran
Sing pada melék ati
Sing pada melék jeroan
Ngisoran mbok doran
Gusti ora saré
Malah engko dadi ra genah
Alasbumi, 30 Maret 2021