Kebo, sato kéwan sing kawit gemiyen mbatiri kaum tani neng sawah. Kelebu kéwan memamah-biak sing manut maring majikané. Pawakané ireng, ndhasé gedhé, sunguné dawa. Ora tau ana crita kebo mbigar. Apa maning angger keboné wis cinancang, utawa dejiret dhadhung. Ora bakal kakéhan polah.

Dhadhung. Jamane inyong cilik, dhadhung degawé sekang lulub wit waru utawa wit wisnu. Lulub utawa klika kuwé wujud kulit ari utawa kulit tipis sing seraté wuled. Kaum tani neng désa, biasané ngekum wit mau neng wangan utawa neng banyu sing ana waledé. Bareng watarané limolas dina, klikané dearah. Klika mau banjur depuntu nggo gawé tambang. Mulai tambang nggo pongkoré tukang ndérés, tambang nggo méméni, utawa dhadhung sing nggo njiret kéwan.

Watarane taun 1980-an, pemréntah gawé perkebunan rami. Ngarah gampangé, wujud wité madan kaya wit ganja. Nalikané panén, cukup debedhuli, banjur dekum neng sawah. Sebanjuré dearah klikané nggo binah tali mau. Sing siki égin nandur lan nggulawenthah wit rami kuwé neng Viétnam, Thailand, lan China.

Ning dudu kuwé sing arep tek crita. Nalikané Kebo Cinancang Dhadhung Adi dadi sanépane wong Banyumas, banjur béda maknané. Kebo, sato kewan sing gedhe tur rosa tenagané dadi paribasan wong Banyumas. Dudu sapi, dudu gajah, utawa macan. Kéwan kiyé manut mituhu maring majikané utawa sing awéh urip.

Adi, utama utawa linuwih. Babagan bebrayan urip neng alam dunya, moh gawé cidra utawa culika. Solah-polah ngarepna rarasing-rasa. Menungsa sapa sing awéh urip? Gusti Kang Murbeng Dumadi.

Senajan gedhé awaké, dhuwur pangkaté, ning kudu tetep cinancang atiné. Cinancang maring bab kebecikan sing wis deajarna. Alam sing ginelar wis awéh manéka ngélmu babagan kebecikan. Nalikané awak lan atiné wis cinancang, mula menungsa ora gampang mingser sekang wewaler.

Teguh kukuh cekelan waton. Kuwe sing dadi watek-wancine wong penginyongan. Ora gelem cluthak, climus, kecu, utawa gawe kapituan.

Ki Ndleming

Sing mandegani wébsite Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..