“Dadi menungsa kuwé kudu delos aja degawé spaneng. Sing aso sing jembar pikirané bén padhang jagaté, atiné kudu bombong.” Ki Darto golé ngomong karo nyengir, ora kéri tangané mélu nglinthing udud.

“Kiyé kula urip nang kéné wis ana puluhan taun, dadi golé sinau urip tekan sepréné degawé kalem baé. Pegawéané inyong anu akéh pisan. Ana mbelah watu, nggolét pasir, nandur tanduran apa sing ora, tur ya ngingu iwak nang blumbang sing jeroné ana rong méter.

Angger wengi ya mung jagongan karo ngopi udud rungokna radio moniné wayangan lan seliya-liyané, sansaya wengi maning daripada nglogok ya mlaku-mlaku maring sawah, pinggiran kali, kebon karo nyekel sénter kadhang ya mung petengan.

Babagan urip kuwé mung sedermané sing penting atiné pikirané bombong. Rejeki tah wis depasrahna baé nang sing gawé urip, anané sepira wujudé apa gari denikmati desyukuri.

Urip bareng seisiné alam semesta kuwé aja klalén nembung, dadi ngapa-ngapa ya kepénak.

Contoné lara weteng ya gari mlaku maring kebon, nembung maring godhong ciplukan ana telung lembar, mengko gari dekumbah terus depangan. Senajan paité kaya ngapa ya denikmati, itung-itung ngrasakna dadi kéwan sing mangane godhong, hahaha…”

Tembungé kaya ngapa kakiné?

Kakiné semaur…

“Kula nyuwun godhong ciplukan rika dejiot ya nggo tamba lara weteng. Muga sing gawé urip ya tresna kali kula bén lara wetengé mari. Yaa godhong ciplukan muga rika tukul maning akéh mangfangaté, kesuwun, klilan.

Apa maning karo iwak sing deingu, pokoké wis duwé jiretan rasa bathin
Angger pas ngempani bé mérek déwék, arep mangan ya ora tegel.

Apa sing lagi tek tandur tak ingu angger ana sing njaluk ya gari dewéhna, sing penting ora mubah nggo depangan. Kuwé ya salah sijiné sinau uripé kula.

Neng urip ora ana sing angél, kabéh mau kang laku karo omongan kang awaké dhéwék.

Angger omongan karo laku déwék kuwé apik, alam semesta ya ngresponé apik, wong arané ndonga kuwé téyéng maring ngendi baé perantarané. Saumpama ana iwak, kodok nang sawah, wit-witan seliya-liyané.

Mituruté kula nika ibaraté gawé proposal dekumpulna deajogna. Gari dikabulna orané ya terserah sing gawé urip, wong jenengé ndonga sing penting yakin, hahaha…”

Wis kaya kuwé ndhisit apa sing lagi degendu-gendu rasa, kiyé tah anu bumbuné urip.

Klilan

Agung Jemblung

Seniman enomé Banyumas. Khususé babagan kesenian Jemblung Banyumasan

Mayuh dikomentari luur..