Pas un jour férié?”
N’est pas?
Vous?”
Ne pas. Juste aller à la bibliothèque.

Jan. Nyatané prawan siji kiyé méngini pisan. Dhasar pengadegé dhuwur, pekulitané ora abang kaya biasané bulé, ning madan semu putih. Nyatané dudu bule, lewih kuat mélu turunan sekang ramane sing wong Bosnia. Mabelle. Pas karo arané. Sing kaya kiyé sing dadi impéné wong Asia, utamané wong Banyumas kaya inyong. Lencir putih, ora lemu ning minthel. Rambuté ketel ireng ana semuné pirang. Peraéné lonjong endhog. Mumeti tur nglingsemi.

Setengahé wulan April neng Paris mbetahi pisan. Sedina-dinané, nalika awan suhuné watara 5-15 drajat célsius. Adhem. Angger neng Jakarta, nganggo pendingin ruangan baé mung 20 drajat, wis kadhemen. Ning kuwé uga sing kadhang marakna bebeh metu sekang apartemén. Metu sedhéla bae kudu nganggo penganggon sing cacah sewelas. Kathok jeroan, kathok cindhek, kathok dawa, kaos kaki, sepatu, kaos singlet, klambi, sweater, jakét, sarung tangan, ditambah cindhung.

Pantheon Sorbonne University, dina Setu-Minggu senajana kampusé tutup, ning kaya biasané inyong lewih seneng teka. Paling ora téyéng mélu nganggo manéka fasilitas akademik. Semana uga kanca-kanca sing agi mélu program master utawa doktoral. Sing nyenengi maning, desiapna ruangan dhéwék neng kampus. Angger neng Indonésia, biasané Fakultas Ekonomi, Hukum utawané Psikologi, kemudu-kudu mahasiswa master utawa doktoral asalé sekang disiplin ilmu sing padha. Ning neng kéné lintas disiplin ilmu uga bisa baé.

Begya-begyané inyong sing kuduné ditampa karo rasa sukur. Mangkat sekang désa mung nggawa ijasah SMA merga langka ragad nggo nerusna kuliah. Neng Jakarta olih pegawéan dadi jurnalis, nyatané kudu ngimbangi antara ngélmu karo kodhéané. Desara-sara téyéng kuliah soré ngasi duwé ijasah sarjana. Merga kuwé uga sing banjur ngapiki rega kondhené. Senajana alon banjur nyatané kanggoné gedhé. Lha, siki olih béasiswa S-2 sing kabéh wong padha ngimpi. Kuliah neng Paris.

Waca Liyane:  Rahtawu


Mabelle

Kota sing kuduné mbetahi kanggo wong sing sugih-mbanduara. Merga béasiswané mung tunjangan tempat tinggal, transportasi, karo mangan sing mung cukup nggo ragad urip sederhana. Paris ora semedulur kanggo wong sing penguripané pas-pasan. Mula banjur kudu gelem nggolét tambahan kodhén. Ésuk kerja dadi jurnalis. Soré angger pas ana kuliah ya kuliah. Wenginé banjur ngodhé ngumbah piring neng restoran. Kuwé wis dadi pedinan sing ora prelu digawé susah.

Rong taun kudu rampung. Kuwé sing dadi pengarep-arepé inyong. Merga urip neng paran, ninggal anak neng désa. Gajih sekang kantor lewih sering wutuh, paling dinggo ragad sekolah anak telu sing tek titipna mbahé, sepeninggalé bojo kinasih. Ngertiné wong ndésa ya makmur, kuliah karo kerja neng Prancis. Sing supayané lewih irit, saben dina mangan baguette, roti selengen sing dawané méh semétér. Ora wani mangan kaviar sing angger neng restoran paling murah 50 euro utawa watarané Rp.900 éwu. Paris dudu panggonané wong susah.

Bali maring bab Mabelle.

Ora akéh kanca sing téyéng srawung kaya Mabelle. Dikaya ngapa, béda budaya Indonesia-Prancis tetep krasa. Senajan anak penggedhé, ning ora tau kumalungkung. Semedulur. Solah-bawané mantesi. Malah kadhang dadi lewih timur timbang inyong sing jéré duwé adat ketimuran. Utek jailé wong lanang biasa. Jembar kuburané, lewih ayu tur méngini timbang almarhum bojoku, Ratri. Sing kuwé uga banjur dadi mantes-mantes, pantesé téyéng dibojo.

“Ana apa ngguyu dhéwék?” Mabelle takon nganggo Basa Prancis nalikané weruh inyong cengéngésan.
“Ora papa,” inyong semaur sekenané karo madan celilian.
“Ya wis. Ning inyong yakin ana bab sing dadi ganjelan.”
“Ya. Ning ora pati penting.”
“Ya dadi penting merga njenengan siki neng ngarepku.”
“Apa kudu tekan ngonoh?”
“Ana apa?”
“Agi madan ngimpi. Sawijining dina sliramu dadi bojoku.”

Mabelle ngguyu karo néot lengenku. Ser. Lanangku jail maning.

“Yakin?”
“Urung patia, ning paling ora inyong wis wani ngomong.”

Njagong neng taman kota, hawane adhem. Musim semi sing banjur saben kembang padha megar. Mengko ahiré wulan biasané apel, chéry, bakung, kembangé wis rogol, sing banjur dadi pentil.

Setaun kenal utawané telung taun ditinggal bojo marakna gandhéngan karo Mabelle tambah ruket. Ning paling téyéng metu bareng, ora nibani sewulan pindho. Rama-biyungé Mabelle ora nglarang. Malah katon seneng Mabelle srawung karo wong Melayu, kaya kuwé Pavelle – ramane Mabelle – ngarani wong Indonesia. Bolan-balén inyong kon dinner neng nggoné keluarga Pavelle.

Hak tikét bali saben telung wulan sepisan sekang kantor tek jiot. Sing sepisan, tek perlokna bali. Kangen karo anak. Sing pindhoné, inyong nambahi tuku tikét loro, merga Narin, Nandine, Nauf kepéngin weruh negara manca. Pas liburan sekolah anak lanang telu, nyusul maring Paris. Sing keteluné, inyong nguja ajék Mabelle wawuhan karo wong tua keloron.

Bab Mabelle maring désaku gawe gégér méh sedésa. Dhudhané nggawa gadis bulé. Tumrapé Kang Tarwan jéré Pak Mantri arep olih calon mantu wong landa Prancis. Mabelle bungah ora keduga temekané neng Purwokerto. Presasat seminggu neng Indonesia, bali ngumah mung angger wengi. Nyatane inyong kepéngin pamér, mulané Mabelle tek gawa maring papan plesiran.

Maring wisata alam Baturradén, jéré banyune bening, ngalahna Kali Seine sing pating plungker neng Paris. Sesawangané Gunung Slamet, mawa ijoné alas, lewih apik timbang Menara Eiffel. Maring Pantai Menganti, jere ora ngalahna Hawai. Banyumas jéré kaya suwerga sing diumpetna. Indonesia sing dekenal mung Bali. Manggua ésih ana wektu, jané Mabelle ésih urung gelem bali.

Mabelle betah merga rama-biyung karo anakku sing telu, kabéh nampa mawa seneng. Tangga-teparo, suméh senajana mung manggut karo mésem angger ketemu. Nyatané mung siji sing dadi perkara. Mabelle mung téyéng ngomong, “Matur nuwun,” karo “sampun,” sing banjur nggo guyon wong selurung.

Kuwé kabéh sing bareng neng pesawat, nalikane bali maring Prancis dadi petakonan.

Tu veux m’épouser?” Mabelle takon mawa rai ngarep-arep.

Deg. Neng Indonesia pitakonan babagan jejodowan kaya kuwé ésih dadi wadi kanggo wong wadon. Ning nyatané Mabelle malah ngarep-arep debojo inyong.

“Ya angger ko gelem,”
“Angger aku gelem? Kapan?”
“Aku tek ngrampungi tugas dhisit.”
Vrai qu’il?” Mabelle esih kurang yakin.

Inyong mung manthuk karo mesem.

Merci, je te aime,” Mabelle ngambung pipi banjur nglendhot neng pundhak.

Inyong dadi kaya wong nom maning. Senajana kacek umur méh 11 taun, ning peraén ora pati adoh. Ujaré inyong. 12 jam mabur, Jakarta-Paris sedawané dalan Mabelle léndhotan baé.

Tekan ngumah, Mabelle crita karo rama-biyungé babagan Purwokerto. Ngasi keprucut omong, dene inyong arep ngawini dhéwéké sewisé rampung strata loroné. Ramané katon bungah, nyawang anak wadoné geminjal kaya cempé rong wulan. Ora menggak, ora préntah. Inyong mung ngiyani apa sing dadi critané.

Sore kuwé sing banjur ngowahi sekabehané. Angger kabéh temata, patang wulan maning wisuda. Ning salju sing nutupi dalan Quoi Francois Mitterrand, marakna ban mobilé ora nepak. Inyong apal, Mabelle ora tau pecicilan. Tabrakan beruntun sing ngasi cacah 18 mobil. Peugeot biru sing disupiri Mabelle tiba neng tengah, ringsek.

Waca Liyane:  Srengéngé Kembar

Gusti Allah Kersa Mendhet Mabelle. Kaya delorod atiné. Kaya dijabud uripé. Ora. Dudu Mabelle jodomu. Wong wadon ping pindho sing tek tresnani, ora dawa umuré.

Sacre Coeur, taman kota sing éndah, mung ngélingna inyong tau njagong loron karo Mabelle. Tukang sulap sing asal Afrika, mung pinter ngetokna terwélu sekang topine, ora téyéng mbalekna Mabelle. Inyong mung njagong dhéwékan ndeleng salju sing luruh, kaya kapuk randhu kenang angin.

Sekléntaban ana Ratri karo Mabelle tangane tuntunan. Mésem maring inyong.

Paris, 2007

Waca Liyane:  Pitulasan Neng Désa