• 27
    Shares

Jéré wong sing wis mbojo, plekara mbojo kiyé plekara sing gampang-gampang angél, plekara sing angger depikir nggawé mbundet, tapi angger ora depikir bakalé klalén.

Kepriwé ora mbundet sewisé nggolét calon angélé ora umum, njur deterusna lamaran, njur deal-dealan keluarga kapan mbojo, njur nyiapna dokumén-dokumén nggo sarat nikah, njur nyebar undangan, pesen prasmanan, ngadegna tarub, nyéwa orgen tunggal utawa hiburan liyané. Kuwé urung kebutuhan utawa keperluan liya.

Mulané angger ana kanca mbaranggawéan, njur inyong deundang, sempet ora sempet ya kudu disempet-sempetna.

Apa maning angger sing ngundang kuwé kanca kentel, ya kudu diprioritasna teka maring mbaranggawéané.

Mbuh kepriwé nyong mélu bungah angger kondangan ndeleng wong nikah. Senajan udu inyong sing mbojo, inyong mélu bungah baé senajan udu inyong sing maca ijab-qobulé. Inyong mélu bungah baé senajan udu inyong sing ngedegna tarubé. Mbuh kenangapa inyong melu bungah baé.

Apa maning angger ana kanca sing arep mbojo, dadi batir sing apik ya kuduné melu bungah mbok.

Biasané angger neng désaku si, sedina seurungé ijab, kancaku njaluk debatiri nginep, tur begadang nengkana. Ya nggo mbatiri malam terakhiran dadi bujang, sedurung dhéwéké berkeluarga lah kasarané.

Soalé ngerti dhéwéklah, angger wong wis mbojo kan wis duwé tanggung jawab, wis duwé doiné sing arep mbatiri urip ngasi mati. Dadi mengkoné ya dadi jarang angger arep kumpul-kumpul karo kanca, soalé wis duwé keluarga dhéwék.

Waca Liyane:  Semadya

Nah ésuk-ésuké wis padha siap, manténé siap, wali siap, saksi siap, mahar siap, penghuluné wis pada siap. Wis cocok nggari ngijab qobul. Sedurung ijab qobul biasané ana pengajian disit sekang Kiai. Tes kuwé nembé ijab qobul, sah.

Seuwisé sah, nembé acara sing dientén-enténi, yakuwé ramah tamah, utawa bahasa gaulé madhang-madhang.

Mituruté Inyong, sing paling penting neng acara mbaranggawéan sewisé ijab qobul ya mangan-mangan, liyané kuwé ya kur nggo genep-genep.

Ngomong-ngomong soal perbojoan kiyé, nyong duwé prinsip, sapa wongé sing gelem teka maring mbaranggawéan mesti mbaranggawéan gelem nekani dhéwék.

Dadi istilah bahasa Indonesiané barang siapa datang ke suatu pernikahan niscaya pernikahan akan mendatangimu. Kan bungah banget ngrungoknané.

Mung siji sing dadi grundel neng njero atiné inyong ya: angger lagi santai-santai neng kondangan njur ijig-ijig ana sing takon, “Rika kapan nyusul mas?”

Lah kiyé-kiyé sing dadi merekna wong liya kesuh lan gela. Angger ngomong karo nyong si ndéané ya orapapa, merga nyong wongé ya santai baé slow.

Lah angger sing detakoni, wong sing lagi ana masalah asmara? Lagi ana masalah neng umah? Lagi tertekan deomprang keluargané merga urung mbojo-mbojo padahal umuré wis tuwa? Kan dadi béda ceritané. Bisa baé sekang kedadian sepélé kaya takon kapan mbojo thok bé bisa dadi gedé masalaéh.

Waca Liyane:  Urip Nganggo Rasa

Wis akéh berita-berita sing medhéni babagan pertakonan kapan mbojo. Malah ana sing ngasi patén-paténan merga masalah sing wong akéh nganggepé sepélé, yakuwé babagan takon “Rika kapan nyusul mbojo?”

Sing takon nyindir, utawa nyinggung kapan mbojoné. Kuwé kuduné ya mandan ati-ati nggolé ngomong. Cocoté kudu detata maning. Merga pertakonan “kapan ko nyusul” neng wong liya ya bisa baé béda penerimaané. Merga kuwé mau tiap wong ya béda-béda, dadi aja depadakna.

Balik maning angger nyong sing detakoni ya mungkin tek jawab “Ngenténi siji loli milkita setara karo segelas susu” utawa “Insyaallah ngesuk angger ora kerainen”. Biasané kan meneng sing takon, ora keakéhan cangkem angger dejawab kaya kuwé.

Njur nyong ya wongé anu santai si ya, dadi ora gampang émosian. Tapi angger posisi wong liya kan ora mesti pada karo nyong. Mulane angger arep nyindir babagan perbojoan, kudu ndeleng sikon disit. Ndeleng disit karo sapa rika nggolé ngomong.

Géh aja kandahan disit, bocah. Kiyé Inyong lagi ngomong serius temenan,  ora baén-baén loh.

Wong sing lagi anteng-anteng mangan prasmanan neng kondangan, njur detakoni “Rika kapan nyusul? Wongé ngrampungna mangan langsung bali, njur balik maning nggawa bendo, ilaté sing takon mau terus depenclas, apa ora ngeri?

Waca Liyane:  Lambé Manual Lambé Cakram

Mulane ya rika-rika padha, sing arep mbojo utawa sing wis mbojo, nggih syukur Alhamdulillah, wis ana dalané, jodohé wis ketemu merga wis wayahé. Kabéh-kabéh ya ana wayahé sedulur.

Ning angger ko ketemu karo kanca utawa wong sing urung mbojo, ya takoné sing mandan alus, lan ngati-ngati banget. Soalé neng sebagian wong, masalah pertakonan kiyé ya anu bangeting sensitif.

Lewih maén misalé dhéwéké ndoakna baé, “Rika moga-moga cepetan nyusul ya kang”. Utawa “rika moga-moga gagean ditemukna karo jodone ya yu”. Lah angger kaya kiyé kan mandan adem derungokna, neng kalimat kuwé ana unsur doané mbarang.

Dadi béda banget karo sing takone nyantheng, “Ko kapan nyusul kisut?” Hooo njaluk dejeblésna endasé angger kekuwé tah!

Lah babagan perbojoan angger mituruté inyong kan anu masalah wektu. Dadi ya anu ana wayaéh dhéwék-dhéwék. Ora kabéh wong padha wayaéh, ora padha kesiapané, secara méntal lan finansial. Dadi ya genah kudu sabar.

Jéré Cak Nun kan jodoh neng Astané Gusti Allah, ning angger  umuré wis nduwur 30 tahun Gusti Allah lepas tangan 😀 (guris).

Intiné ya, mbojo ya nggari mbojo ngonoh, tapi ya aja mbaor-mbaor nyindiri wong utawa kanca sing urung mbojo. Dedongakna baé, angger wayaéh toli ketemu karo jodoné. Tapi ya mbuh kapan, neng akhérat ndéan.


  • 27
    Shares