Patang dina mendhung mantrang-muntrung, dina kelima nembé udané mudhun. Mangsa karo akhir sing angléhé wis terang, kiyé ésih grimisé kerep. Lebuh remesep, ana wangi lemah sing ora sida mlethak.

Lampu lip-lop, layuran, rontékan abang putih, semanger. Dalan aspal lurung pinggirané dicét putih nganggo duit kas RT. Jimpitan sing unggal wengi dikumpulna tut sepethit, jebul akéh gunané. Utamané kanggo péngetan pitulasan. Ora mawi gawé proposal, ora nana mark-up anggaran. Guyub rukun kerigan tenaga lan uba-rampéné.

Wong désa jebul malah lewih duwé semangat berbangsa-bernegara, timbang kaum birokrat-penguasa. Mbuh sapa sing marahi.

Ning nyatané ngecét gili méh dadi tradisi unggal taun, senajan angger dipikir jané langka nilai éstétis utawa gunané. Sing penting guyub rukun, ngentongna anggaran pitulasan.

Waca Liyane:  Akrami

Kuduné priyagung sing padha kawogan kewasa nylinguk ngisor. Ndeleng maring polahé wong désa kaé, sing obah mawa rasa. Mung rasa bungah, méngeti kamardikan. Senajan jané ya durung merdika. Ésih dadi kaum terjajah, utamané neng bab ékonominé.

Siki kahanané pating jempalit. Salto lan koprol. Aturan digawé nggo dilanggar.

Hukum mung dadi gaman landhep nggo rakyaté. Kedhul nalika Rika sugih, duwé dhuwit nggo mbayar biaya perkarané. Korupsi ndadrah mambrah-mambrah, ning ora keambah. Makmur égin nggo kaum ndhuwur, rakyat sengsaya ajur.

Muga-muga pitulasan ora mung dadi ritual fisik, ning banjur dipahami dadi ritual ati. Saiyek saika kapti mbangun negara. Negara sing ganu kawetar mawa tepa-slira lan budi pekerti luhuré.

Waca Liyane:  Kanggo Kancaku

Mayuh, nata negara sekang awaké dhéwék. Ati ora bisa dilomboni.