- Ndleming dot com nduwéni tékad awal nggo nguri-uri basa Banyumasan utawa Basa Panginyongan.
- Kabéh pengunjung duwé kesempatan sing padha nggo ngirimna naskah tulisan maring Ndleming dot com. Tulisan sing dimuat mengko bisa diwaca neng sedulur-sedulur liyané.
- Misalé karyané dimuat, hak cipta tetep ana neng rika. Ora perlu khawatir. Ndleming kur nduwéni hak nggo nayangna thok.
- Misal tulisané rika dimuat, rika bébas nyebarna tulisan kuwé maring ndi baé. Tapi tulung banget aja kelalén disebutna sumber tulisané sekang Ndleming dot com ya.
- Rika bébas komén-koménan neng wéb, sing penting kudu tetep ngutamakna peseduluran, aja mbentongor apa maning ngejak gelut wong.
- Mbok rika duwé masukan, utawa kepéngin nraktir ngopi sing duwé wéb, bisa kontak maring redaksi@ndleming.com.