Bekayu runtah umahé pinggir sawah
wongé ayu uga ramah
Sing lanang sederhana ningén gagah
pinter pahal mragadi bocah sekolah
anak loro lanang wadon sipaté lumrah

bekayu runtah pegawéané umbah-umbah
ngumbah klambi tekan grabah
ora dewiji-wiji depilah-pilah
sekabéhané pegawéan dadi kewajiban
wateké apik ora doyan ngresulah
kesel sedhéla lirén momong bocah

bekayu runtah wongé sumeh ora tau susah
praéné ayu pekulitané bersih
irungé mincis kaya wong prancis
lambéné tipis ora munyis
alisé njlirit kaya wulan searit
ngendikané lirih isiné wasis

bekayu runtah klangenane pecak kecambah
sambel tlenjeng céol godhong budin
sega liwet bulet srundéng
rasa keket neng awak mantep
molah pangan asil pedinan sing pekarangan
sumber rejeki kanggo pengasilan

bekayu runtah sregep ngaji lan ngibadah
wongé jaméan lomah murah
karo sedulur seneng wéwéh lan sedekah
deguyubi batir neng ndi papan
rejeki lewih ora go poya-poya
decéléngi arep go kaji
kanggo nenetpi wajib nggayuh sampurnaning urip

gemiyén ora sekolah
bareng tua melu kejar pakét neng desa
aktif neng pkk lan dasa wisma
mulané deman pak lurah
ana kumpulan kon awéh ceramah
ana kegiatan lan prengetan dadi ketua
mimpin warga nggayuh kemajuan

bekayu runtah umahé pinggir sawah
mangsan rebah pari mlarah-mlarah
panas teka mémé gabah
beras larang ora dadi masalah
butuh sayuran gari met neng buri umah
paling sing urung duwé gula uyah
monggeni pawon suluh njacrah

bekayu runtah wongé kalem idhep bener
sopan santun sepadha-padha
maring sing lanang gemati ati-ati tur ngabekti
tangga teparo sung tuladha
maring budi luhur sing go uger

Wanto Tirta

Lair neng Desa Kracak Ajibarang Banyumas. Seneng nulis lan maca puisi, guritan neng ndi papan. Uga maen teater lan ketoprak.

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..