Apa apa baén angger nésih anyar kuwé rasané nyenengi lan mbetaih. Ora kuwé montor, mobil, umah, panganan, kanca batir, bojo lan liya-liyané. Kuwé wis dadi jamak lumrahé lan dilakoni inyong rika padha kabéh. Dadi ora usah padha dakwén, drengki, sréi, lan irén.

Ngonoh sih nduwé montor anyar nésih kenyes-kenyes tembé tuku sekang dilér tembé teka detunggoni desawang ora rampung-rampung sekang setang, lampu, jok, pélek lan sekabéhané sing ning njaba uga sing njero. Ngasih kelalén ora madhang lan sembahyang.

Gari nganggo ngati-ngati pisan. Mlakuné dilig ana jlegongan cilik baén sing biasané deterak deindari ora kaya nganggo montor sing lawas. Ora urus ana jlegongan lan tanggul detanyak. Pokoké mlaku cepet pisan ora éling mbuh jarum sepédo méteré butul pira.

Bareng nduwé montor anyar béda anggon lan rumatané. Montor lawas bar kudanen, nésih kotor nésih blutuk delebokna garasi. Ngumbaéh mbuh kapan bisa ngésuk malah wis kadung ngasih minggunan tetep kumel ora dekumbah. Dekumbaéh paling angger arep nggo kondangan apa ana acara sing mandan penting.

Lha montor anyar jelas béda ora étung. Sedéla-déla deresiki nganggo lap kanébo. Wong demék anaké baé besanu cok mbesengut, mecicil lan gathik. Wong liya ora olih nganggo. Enggané patut toli dicancang ngganggo dadung kaya sapi mengkonon.

Barang anyar nésih keton mloés tur nésih mulus urung ana cacadé. Nésih kinclong, pokoké dedeleng lan desawang mbetaih pisan ngasih besanu lali anak bojo sedulur lan kanca. Kuwé nembé montor sing wujudé barang mati gawéyané menungsa.

Apa maning nduwé batir anyar, senengé ora lumrah. Nganti besanu kanca lan sedulur sing lawas deklaléna apa nglalén. Critané nésih mbetaih, ora keton nyebeli apa madéih. Lha wong urung keton tatuné nésih mambu wangi.

Kuwé bener pituturé Kaki Nini utawané Kitab Turki. Sedulur pérek mambu tai, sedulur adoh mambu wangi.

Ketoné saru, jané ya ora saru lan kasunyatan. Barang lawas rasané ora anéh maning wis biasa.

Lawas ora mesti ala kabéh ning besanu mbuh kepriwé apiké dadi ora keton. Sing keton alané. Inyong karo rika angger jujur tumekan ati kabéh nglakoni. Arep mungkir gasir nana ya bakal keweléh.

Wis dadi polaéh menungsa kelas inyong rika pada besanu nduwé watek gumunan, kagétan lan kelalénan. Kepénginé apa-apa anyar bésa wis kelakon lan dirasakna cok ngresulah. Ora pas karo sing dikarepna.

Mulané apa-apa aja gemrusung kayo tawon nggung apa laron. Kabéh kudu depikir lan depenggalih nganti titi lan ngati ati. Mundak ora ngajog tiba mburi.

Anyar lan lawas loro-loro nduwé kautaman lan kekurangan. Dadiné ana barang lawas merga sekang anyar disit.

Langka jaraté anyar terus. Lha wong béda menit, jam, dina, minggu wulan lan tahun wis diarani lawas.

Barang lawas nana mbetaih lan nyenengi. Duwé kanca lawas keton lan ceta wéla-wéla apik lan ora. Ora perlu gramakan nggolét lan niténi apik lan ora kanca sing tembé wawuh.

Apa-apa angger ngerti trap lan kanggoné ora nana sing ora apik mungguéh inyong karo rika padha. Mung gari-gariné kepriwé miturut jembaré pikir lan ati sarto ora ngugemi penemu dhéwék. Lewih parah maning ngarah menangé dhéwék wong liya ora keréken.

Karangnangka, 19 Januari 2021

Kang Mul

Penulis sing aktif pisan neng media sosial. Ketua neng Institut Studi Pedesaan dan Kawasan.

Mayuh dikomentari luur..