Sekalané wengi nglilir
Nguja ngimpiné ora tek rampungna
Jenggélét tangi, menyat nggolét sing kena depangan
Wetengé kemruyuk ora kena depenging

Maring pedangan mbukak dandang karo kepéngin médang
Anané banyu gogok adem cemrenyes
mbukak kukupan nemu gésék luwihan brekat
bar kondangan adoh ana ning celak désa

inyong kelalén aran désané
mbuh Dukuh Keslempéd apa Dukuh Kepépéd
Pengrasané désa sing paling mentog panggonané menungsa
Bar kuwé mung alas tuwa sing arang diambah

Kémutan wengi-wengi ana swara sing lagi nangis
Inyong madan bingung, senajan ngerti sing lagi ditangisi
Wektu semono kaya dadi panjer sing ora bakal kelalén
Tekan sepréné wis kaya dadi tunggak prasasti tan tinenger

Séjén dina séjén crita
Inyong wis kegawa swasana
Kayong arep selawasé kena nggo ngunduh rasa
Ndilalah sing arané Pengéling kuwé ora pilah pilih

Ujug-ujug (jéré wong wétan, mak jegagik) kaya kesamber bledhég
Inyong nésih ora precaya,
Ning sejeroné nangis séjén rasa
Hawané, téjané peteng sadalan-dalan
inyong mlaku karo klebes ding udan barat
awak gemredheg nahan atis kaya wong sekarat
ora ana panggonan sing kena nggo ngiyup ati
sing lagi kelara-lara senajan ora ketara

***

Ning dandang ésih ana sega sacénthong
Karo madhang sakentrang-kentrang kena nggo ngilangna kuciwa
Ana gésék digarang nduwur pawon
seumur-umur rasané kaya wong nembé mangan lawuhé enak

Ngisor Flyover, 04062021

Mahbub Junaidi

Penyair sekang Bumiayu Jawa Tengah.

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..