Dadi menungsa kuwé téyéng degawé deragadi menungsané utawa dedeleng sekang ndi baé, sekang akéh babagan.

Sing kesiji karo sapa dhéwéké ketemu nang dalan uripé. Sing keloro srawung karo jagat gedhé, ya kuwé makhluk Gusti Pengeran. Sing ketelu apa baé wacanané, titéné.

Maca sing demangsud nang babagan sing amba ya maca ndunya, terus maca urip. Angger deringkes maning kuwé contoné angger dhéwék maca buku.

Nah kiyé kepapat sing kadang cokan klalén ya ngelalén. Anu apa kuwé?

Dadi critane inyong karo kanca-kanca lagi keliling sowan maring pesaréan lan petilasan sing ana neng tlatah Banyumas.

Neng Kanding Somagedé sowan maring pesaréané Mbah Bumi, Nalabranti, Surabranti Muhammad. Neng Bonjok Banyumas uga ana pesaréané Mbah Serut karo Mbah Tegal.

Neng Tanggeran Somagedé ana pesaréané Nalabranta. Neng Karang Duwur, Sumbang, Banjarsari Wétan sowan maring pesaréané Mbah Kebo Gemulung.

Dolané inyong karo kanca-kanca kuwé dudu mung urusan dolan. Tapi kiyé babagan awéh maring leluhur-leluhur. Nah kiyé sing nomer papat.

Nék sowan maring leluhur aja isiné mung teka njaluk kepénginan deturuti , mbok ya éling ujaré arané wong urip mung nyadong. Mbok ya awéh, kuwé ya merga dhéwék kudu sadar awak.

Jan pokoké bombong rasané angger maring pesaréan utawa petilasan kuwé nék téyéng awéh. Ya awéh apa baé, salah sijiné kuwé tekane dok ngresiki nganggo sapu.

Seumpamané godhong- godhong pada rogol mambrah-mambrah desapuni karo seliya-liyané. Sing penting aja ngrobah panggonan, mbok ana pesen-pesen sing deumpetna ben téyéng dewaca, detiteni mangsudé, terus bar kuwé nembé madhep mantep ndongakna.

“Siji Pesaréan Rong Sapu” mangsudé kepriwé?

Dadi sing deanggap sepélé ya kaya kiyé, sedulur. Kiyé udu babagan jéré arepan golét jeneng “kiyé inyong”. Kuwé mung niaté ngresiki, ya ndongakna. Ningén ya ninggalna rong sapu (sapu ada lan sapu duk) nang pesaréan utawa petilasan sing desowani. Tujuane bén sing wong liya teka sowan kapan baé wektuné ngrasa bombong lan marakna padhang jagaté.

Rahayu,

Klilan

Agung Jemblung

Seniman enomé Banyumas. Khususé babagan kesenian Jemblung Banyumasan

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..