Siki wayaéh ngraketna linggam karo yoni, sing biasané jarang pinanggih.
Ngraketaken Bapa angkasa lan ibu siti pertala, kaki banyu, buyut geni, canggah angin.
Manunggal nang badan salirané déwék déwék, dadiya dalan niat ngrasuk sukma suci.
Abebasan manunggaling kawula karo gustiné.

Niat ingsun mata ajiku “Rasa Tunggal”, rasa nyawiji ing sukma, sukma nyawiji ing raga, raga nyawiji ing jagat raya.
Ngadohna bilahiné, ngilangi papa cintraka, goda rencana, bebaya, kang kumenthar nang angkasa.
Manunggal manunggal manunggal, kersaning Hyang.

Rahayu.. rahayu.. rahayu..

Agung Jemblung

Seniman enomé Banyumas. Khususé babagan kesenian Jemblung Banyumasan

Mayuh dikomentari luur..