Raden Béi Aria Wirjaatmadja yakuwé Patih Purwokerto (seterusé dewaca Wirjaatmadja) lan sisan dadi wong sing ngadegna cikal-bakalé BRI, salah siji bank paling sepuh neng Indonésia.

Lembaga perduitan pertama sing ngurusi wong-wong pribumi ngadeg karo jeneng De Poerwokertosche Hulp en Spaarbank der Inlandsche Hoofden utawa “Bank Pitulungan lan Simpenan Duwé Kaum Priyayi Purwokerto”.

Tapi ana pirang-pirang plekara sing arang dengerténi utawa luput sekang perhatiané wong-wong babagan prosés kebabaré bank kiyé, utawa malah ndéané babagan Wirjaatmadja kuwé dhéwék.

Njur, apa baé si sing arang dengerténi wong Babagan Wirjaatmadja kuwé?

1. Olih Ide BRI Pas Kondangan

Nyong haqqul yaqin arang wong sing ngerti cikal bakalé BRI jebulé idené anu mbabar pas Wirjaatmadja nekani undangan Guru Honorér, Siman (jeneng kiyé inyong olih sekang  Youtube Ricky Ferlino) sing arep nganakna hajatan nggo putrané sing arep khitan. Angger siki ya dejenengi walimatul khitan.

Plekara kiyé delabuih neng wulan Januari 1894 sing adem. Waktu semana  Wirjaatmadja olih undangan sekang guru honorér sing jenengé Siman, kon nekani acara khitan putrane guru kuwé. Anu dasare Patih sing apikan ndéan ya, akhiré Wirjaatmadja mangkat maring umaéh guru kuwé.

Neng kana tarub wis ngadeg maen banget magrong-magrong. Ana tayuban, ébég, lan tamuné ora baén-baén sekang kalangan priyayi, guru, lan ambtenaar ngadug riug neng jero tarub. 

Pas wektu semana ya ndéané wis ana  stand prasmanan sing nyediakna akéh panganan méwah sing rasané ya ngepasna karo ilaté para tamu (ceritané kur  para penggedé thok sing deundang). Sekabéhan macem panganan, inuman wis ana neng acara walimatul khitan kuwé.

Nyong ora ngerti wektu jaman semana wis ana kotak amplop duit apa urung , apa amplopé anu kur desalam témpél kaya siki ya mbuh.

Sewisé njajal prasmanan sing isiné akéh macem panganan lan inuman énak kuwé. Nyong mbayangna Wirjaatmadja njur melipir maring mburi, dhéwéké njagong mandan mburi. Nyambi karo nggolét silir angin lan slilit neng sela untuné.

Pas lagi konséntrasi nyutiki slilit kuwé, Wirjaatmadja nglangut lan nyinauni apa sing lagi dedeleng.

Nalaré obah “Guru honorér ora mungkin téyéng nganakna acara segedhé, semegah lan seméwah kiyé, pasti anu ana sesuatu..” dhéwéké mbatin.

Ya sapa sing ora curiga jajal, guru honorér kawit gemiyén ngasi siki bayarané ya semono-semono baé.

Gaji Guru honorér gemiyén kuwé sekitar 75 gulden, angger derupiahna ya sekitar 600 éwu rupiah, ya cukup nggo madhang anak bojo sewulan pas jaman semana (Untungé gemiyén urung ana skincare, dadi guruné ora khawatir lan ora susah  répot-répot nukokna bojoné skincare).

Tapi neng Wiraatmadja, guru honorér sing nganakna acara mbaranggawéan semegah lan segedhé kuwé ora mlebu neng akal, ngaéng lah pokokén.

Sekang rasa curiga kuwé, njuran Wirjaatmadja ngengkon bawahané kon nyeluk guru kuwé, akhiré si guru teka lan detakoni neng Patih Wirjaatmadja.

Si Guru njawab angger dhéwéké nyilih duit sing bangeting akéh maring réntenir karo bunga sing dhuwur.

Jawaban guru kuwé nyatané sesuai karo perkiraané Wirjaatmadja. Angger nggo nganakna mbaranggawéan semegah lan segedhé kuwé mesti butuh duit sing ora setitik. Kaya sing tek omongna neng awal angger Patih Wirjaatmadja kuwé wong apikan, dhéwéké akhiré nyilihna duit maring si guru nggo nglunasi utang. 

“Lunasi utang-utangé ko maring réntenir kaé siki. Ko nyaur utang maring nyong ya decicil baé, tenang baé bungane ora duwur ora. Moga-moga kuwé dadi teyeng ngepénakna ko” jéré Patihé.

Si Guru ya maturnuwun banget maring Patihé, merga desilihi duit karo bunga sing ora ora gedhé, nggo ngréwangi nyauri utangan.

Sekang penyelidikan awal kuwé, jebulé éh cempulekké akéh guru, priyayi, lan ambtenaar nyilih duit maring réntenir karo bunga sing bangeting gedhé.

Nah singkating cerita sekang kedadéan kuwé Wirjaatmadja akhiré terinspirasi ngadegna “De Poerwokertosche Hulp-en Spaarbanj der Inlandsche Bestuurs Ambtenaren” mau.

Sapa jajal sing bakal njedé, angger cikal bakalé BRI jebul awalé neng Purwokerto? Sapa sing njedé jajal angger ide mbabaré BRI anu ilham pas Wirjaatmadja nekani Walimatul Khitan?

2. Aseliné Penulis
Plekara selanjuté sing arang dengerténi wong babagan Wirjaatmadja yakuwé angger dhéwéké kuwe anu penulis. Lan sing detulis kuwé anu ora baén-baén, udu kaléng-kaléng; Babad Banjoemas, gaes! Sing ngasi siki akéh denggo lan derujuk neng peneliti sejarah lan babad jaman siki. Mbok joss banget.

Seurungé dadi Patih Purwokerto Wirjaatmadja enom pas umuré ésih likuran taun tau dadi Juru Tulis Kontrolir Belanda neng Banjarnegara.  Pengalaman rong taun dadi juru tulis ndadikna dhéwéké téyéng baé nyusun Babad.

Apamaning dhéwéké ya duwé perpustakaan warisan ramané lan mertuané sing maén, lan lungmayan. Kiyé ndadikna dhéwéké lewih kepénak nggo nyusun Babad Banjoemas.

Angger wis kaya kuwé, dadiné mbok Wirjaatmadja kuwé téyéng desebut dadi salah siji pelopor literasi, lan wong sing awal mbangkitna semangat kesadaran nggo nulisna sejarahé dhéwék? Senajan awalé ya anu dekongkon neng Asistén Residén. Dadi Wirjaatmadja wis téyéng desebut penulis mbok?

3. Tau dadi Takmir Masjid
Nah sing terakhir kiyé nyong ya haqqul yakin ko padha mesti ora nyangka babar blass. Angger mbaureksané BRI kuwé gemiyéné tau dadi pengurus Takmir Masjid, ya pemakmuré umah Gusti Allah. Subhanallah.

Dénéng téyéng dadi takmir masjid? Ya téyéng, ning dhéwéké udu takmir sing tugasé adan, mbadali imam, nyikati WC, ngecék kotak amal, utawa ngitungi duit.

Dhéwéké kuwé salah siji pengurus senior sing nduwéni ilmu lan rétorika sing apik. Merga dhéwéké téyéng ngeyakinna Pengurus Masjid liyané nggo nyilihna duit kas masjid nggo usaha nerusna mlakuné roda bank rintisané sing nembé mbabar.

Dhéwéké nyilih 4000 gulden sekang kas masjid. Sekang ngonoh Wirjaatmadja optimis téyéng ngréwangi rakyat pribumi sing agi kesusahan.

Carané ya nyilihna  duit karo bunga sing ora patiya gedhé. Merga ndéané wektu jaman semana dhéwéké mikiré angger seapik-apik menungsa yakuwé sing ngewéhi mangfangat maring liyan. Kiyé ndéan loh ya.

Ning ora suwé masalah teka. Babagan Wirjaatmadja nyilih duit maring masjid kewenangan neng atasané.  Mbuh ndéan carané sing salah, mbuh atasané sing ora ndukung. Akhiré duit kas masjid kuwé debalékna sewisé surat peringatan mudun. 

Tapi Wiraatmadja ora nyerah, dhéwéké njur ngumpulna kanca-batiré nggo mélu ngréwangi urunan lan nyokong keuangan sekang cikal bakalé BRI kuwé.

Akéh sing ndukung, tapi ora semending uga sing ora ndukung. Tapi akhiré ngasi siki BRI tetep éksis, lan fakta angger Wirjaatmadja kuwé penulis lan takmir masjid udu isepan jempol tangan, apa maning sikil, kaya kuwé mbok?

Angger nyong akéh lupute ya tulung dekoréksi lan ngapurané, angger nyong ora salah ya ora sida njaluk ngapura, kaya kuwé mbok? Suwun-pareng. Pfffttt.

Juli Prasetya

Penulis enom sing esih anu enom. Siki manggon lan lagi proses neng Bengkel Idiotlogis.

Waca liyané:

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..