Kiyé babagan gamparan utawa sarapan sikil. Ora mbejaji ning nyatané saben wong butuh, saben wong duwé, saben wong tau nganggo.

Sandhal capit, bakiak, trompah, kelom, selop, kuwé manéka jenisé. Bahané ana sing styrofoam, karét, plastik, lan kulit. Regané sepet welasan éwu tekan jutaan. Ning angger inyong duwé kareman sandhal capit Daimatu.

Gemiyén, angger arep bada kaya siki, mesti wis ngangen-angen. Nyéléngi nggo tuku Daimatu. Kuwé wis joss. Liyané ya paling Swalow utawa Dhagé. Angger sing madan tuwa ya sandhalé Lilly.

Sandhal banjur dadi prelambangé kasta utawa drajat penguripan. Ana sebutan kaum sandhal capit. Kuwé jejuluk kanggo wong pinggiran utawa kaum miskin.

Ning tumrapé inyong, kuwé langka gandhéng-cenengé karo kasta. Merga nyatané akéh wong sugih sing senengé sandhal capitan. Kayadéné Rama Tohari. Kurang apa sugihé, kurang apa pinteré, budayawan sing siji kaé. Ning maring ngendi papan senengé capitan.

Sendal ngemu piwulang, falsafahé sandhal senajan nasibé mung deidek-idek sewisé degawé, ning tetep ana manfangaté kanggo wong urip. Sikilé dadi ora ngidek ri, beling, utawané lancung.

Inyong wis tuku sandhal Daimatu nggo badahan. Rika tah tuku sepatu sing meling ya..

Rangga Sujali

Mantan wartawan Tempo lan Forum Keadilan. Siki manggon neng Bali.

Mayuh dikomentari luur..