Sebeneré wis mangsan udan sapet wulan wingi
Akéh wong miwiti nggarap sawah
Wong lanang patuté ya pada macul
Karo mluku sing digéréd kéwan sapi atawa kebo

Wong wis kulina apa sing dadi pakulinané
Angger wong wadon sing pegawéané ndaut winih.
Ora kétang tangan prigel cékat céket.
Ning kothakan sing nganggo gawé pawinihan.

Sawaéh énggal nata
mlukuné wayaéh anglér
Sawisé ndaut wong wadon pada tandur
Nata winih karo mundur

Éling karo sing gawé urip
Ora mesti wong kepéngin mulya kudu ning ngarep
Senajan tandur, kuwé pegawéan sing ora bakal kasiya-siya
Gumantung apa sing dikarepna nganggo ilmu pari.

Nék wayaéh ngupaya aja wedi kesel
Apa maning ora mung ngenténi karo thengak thenguk
Aja kelalén, wektuné wong wadon kudu pada matun
Bén sawaéh resik tukulé pari dadi apik

Tandurané wayaéh metu pariné
Warna kuning emas gawé bungah
Wohé pari pating bendoyot
Tandané petani uripé arep begja, nyekel duwit mambrah-mambrah

Ning ya wong kuwé sapa ngerti karo wis kebek pengarep-arep
Apa maning angen-angen ngétung duwit akéh
Ndilalah wit pariné pada rubuh, kenang angin lisus.
Werengé gemrayak marakna pariné padha gabug

Sing kaya kuwé petani mung ora nangis kebo
Ora kapok ora keprok
Kabéh dilakoni kanti ati bombong
Cobané urip mung saderma mampir.

Sanggar Gazebo, 21112021

Mahbub Junaidi

Penyair sekang Bumiayu Jawa Tengah.

Mayuh dikomentari luur..