Ana wong wadon madan ayu nangis ngasi kamisesegen neng kuburan. Tangan kiwé tengené wis madan jémpér, tapi terus baé apat-ipit ngipasi lemah abang methuthuk, kuburané Ujang, bojoné sing ninggal wis patang dina.

Saben wong sing liwat, kabéh mélu trenyuh ndeleng polahé.

“Wis diihlasna baé, Ti,” ujaré Kang Tarwan maring Siti sing tes ditinggal mati lanangé.

“Dudu kaya kuwé, Kang. Wingi Kang Ujang pesen, Inyong ora olih ningkah maning angger kuburané urung garing. Dadi kiyé tek kipasi kon gelis garing..” Siti semaur énténg.

Kang Tarwan nyengir wagu, karo mbatin, “Ujarku saking émané, bojoné mati kuburane dikipasi..”

😀 😀

Rangga Sujali

Mantan wartawan Tempo lan Forum Keadilan. Siki manggon neng Bali.

Mayuh dikomentari luur..