Inyong kenal puji-pujian langgar kawit cilik, sekang cilik nyong uga mélu puji-pujian. Umahku karo langgar jaraké mung sekitar rong puluh méter. Saben soré sedurungé magrib inyong karo batir-batir mesti uwis teka neng langgar.

Biasané inyong karo batir-batir dolanan disit neng area sekitar langgar karo nunggu adan magrib. Werna-werna pisan dolanané, sekang dolanan jonjang umpet, dir-diran, barlén, jonjang cu, nganti tekan gelut-gelutan. Pokoké maen pisan.

Nekan arikalané tukang adané teka, inyong karo batir-batir banjur rebutan kenthong karo bedug langgar nggo ditabuh.

Séjén crita nék babagan adan. Inyong karo batir-batir ora wani rebutan. Mergané, bagian adan wis dipénténgi neng bocah sing lewih gedé uga sing wis téyéng maca Quran.

Arikalané adané rampung, gari giliran puji-pujian. Nah, neng wektu puji-pujian, inyong karo batir-batir biasané rebutan mik kanggo puji-pujian.

Gara-gara rebutan mik ngasi gawé jabeg langgar, inyong karo batir-bati gole puji-pujian nganti gentan-gentén mik.

Puji-pujian sing dadi andalan inyong karo batir-batir sing kaya kiyé moniné:

Héy sedulur sauwisé ana adzan, ojo podho ketungkul omong-omongan, énggal-enggal pada wudhu nuli dhandan, munggah langgar nglakoaké kewajiban, sholat sunnah aja ngasi ketinggalan, nunggu imam sinambi puji-pujian”.

Banjur disambung karo solawat “Allahumma shalli ‘ala muhammad, ya robbi sholli ‘alaihi wassalim 3x”.

Lirik sekang pujian kaya sing neng duwur kadang di sliwar-sliwarna ngasi dadi guyonan. Lirik “omong-omongan” diplesetna dadi (dolan-dolanan), banjur lirik “sinambi puji-pujian” diplesetna dadi sinambi omong-omongan.

Pas tiba kebeneran inyong karo batir-batir anu bocah cilik sing doyan penjorangan, ngasi puji-pujian dadi bahan penjorangan. Arikalané solat magrib rampung, inyong karo batir-batir ngaji turutan neng langgar.

Salah siji sing inyong senengi bubar ngaji yakuwé ngrungokna pak yai crita. Biasané pak yai crita babagan nabi-nabi karo wali sanga. Crita-crita sekang pak yai nggawé betah inyong karo batir-batir neng langgar ngasi ora kerasa tekan adan isya.

Langgar neng pérek umahku jenengé Langgar Ash-Shibyan. Gaya bangunan langgar pas wektu nyong cilik ésih wujud serba kayu, sotén wis duwé toa sing gedé, mengko toa kuwé saut-sautan suara puji-pujian arikalané magrib karo isya.

Wektu-wektu sing mlaku, langgar sing wujud kayu, ngalami rehaban mbalik témbok ben supaya lewih kengkeng, jéréné sih.

Senajan siki langgar Ash-Shibyan wis ditémbok, ning statusé ora ngrubah sing asalé langgar dadi mushola kaya langgar liyané neng desané inyong.

Pujian langgar isiné rengeng-rengeng solawat karo pitutur apik karo donga sing dilafalna kanggo nunggu solat jamangah neng langgar.

Kegiatan puji-pujian sing ana neng langgar nduwéni silsilah sanad gutul Wali Sanga. Anggoné dakwah Wali Songo maring masyarakat digawa karo nyéntrik, yakuwé wujud tembang sing ngemu seni sastra keagamaan.

Tradisi puji-pujian yakuwé hasil rembug sing gayeng antara agama karo budaya lokal. Tradisi sing kasebut mau ora ana istilah nyulayani maring hukum agama. Malahan tradisi puji pujian yakuwé kemotivasi sekang hadits Kanjeng Nabi saw, sekang sahabat Anas.

“Ora ana donga sing ditolak arikalané antara adzan lan iqomah” (HR.Abu Dawud, at-Tarmizi, Nasa’i karo Ibnu as-Sunni. Miturut Imam at- Tarmidzi: hadits kiye hasan shahih).

Puji-pujian langgar bisa kalebu wujud seni suara utawa sastra sing sifaté ngudar éstétika. Apa maning bocah cilik, suara puji-pujian nggawé jiwa kerasa anyes karo kena kanggo lipur.

Perkara kiyé ora ucul sekang fungsi sastra yakuwé dulce et utile. Sastra nglipur rupane nampilna éstétika (kaéndahan), awéh ésénsi kanggo panguripan (pati, kasengsaran, uga kabegjan).

Mituruté inyong tradisi puji-pujian minangka piranti tarbiyah (pendidikan) sing ngemu diménsi aqidah, akhlakul karimah karo mbentuk jiwa supaya nduwéni karakter.

Sekang kebiasaané bocah cilik puji-pujian, bisa dadi dalan nggo ngenal sifat-sifaté gusti Alloh utawa ngegungna asmané Alloh. Ndonga, lanyah solawatan, karo ngubah prilakuné bocah mbok menawa bisa dadi lewih khusyu’.

Kari sekang aspék psikologis, suara puji-pujian langgar awéh rasa bungah maring bocah cilik, uga ngobati rasa mblenger arikalané nunggu solat jamangah.

Kuwé bener-bener tek rasakna neng inyong ganu pas wektu cilik. Lunga maring langgar dadi perkara sing tak entén-enténi, yakuwé bisa dolan neng langgar karo puji-pujian.

Langgar jan menarik pisan kanggo bocah cilik, pengrasané bocah cilik langgar kué jembar, pénak kanggo dolanan.

Sejatiné, sengsoyo akéh bocah cilikan sing betah neng langgar, sengsoyo gedé uga ana penerus-penerus sing arep dadi ahli jamangah langgar.

Bocah-bocah cilik sing kaya kuwé, sing mbésuk arep ngraméni langgar karo sing ndadékna ibadah langgar semanger. Inyong termasuk gerombolan bocah cilik sing ganu sering neng langgar, jalaran nyong sering puji-pujian neng langgar.

Angen-angen mikirna kahanan langgar karo wektu cilik, inyong kegawa neng nostalgia kahanan langgar sing mituruté inyong udu mung sekedar panggonan solat, nanging uga panggonan bocah-bocah supaya seneng jamangah.

Langgar uga sing bisa ngolah antara Islam karo budaya lokal nyawiji ngasi sempurna. Kabéh kegiatan langgar bisa mbénténgi sekang kegiatan sing destructive kanggo bocah-bocah kayadéné ndeleng tv karo dolanan gim-giman. Kegiatan loro kuwé mau dadi kegiatan sing angél ditinggalna neng kehidupan bocah-bocah.

Chubbi Syauqi

Mahasiswa Jurusan Tarbiyah UIN Saifuddin Zuhri Purwokerto. Aktif neng HMI lan Sekolah Kepenulisan Sastra Peradaban (SKSP) Purwokerto.

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..