Pasar Wagé ésuk miki, (21/9), sekitar jam 03.00 WIB kebakaran maning. Petugas Kepolisian Résor Kota (Polrésta) Banyumas, ngaku ésih nyelidiki sebab kebakaran sing neng sisi Blok B pasar kuwé.

“Miki ésuk ana laporan kebakaran neng Pasar Wagé,” jéré Kepala Polresta Banyumas Komisaris Besar Polisi, Whisnu Caraka.

Whisnu ngendika, ora mung pemadam kebakaran, petugas uga ngeréwangi nyelamatna barang dodolan sing urung keobong.

“Inyong njaluk masyarakat bén ora ngumpul neng sekitaran lokasi kebakaran. Dhéwék kudu waspada nék wong-wong sing ora ana urusan ora mlebu ming nduwur karo ngelakukna sing ora-ora sing dhéwék ora kepéngin,” jéréné.

Kapolrésta urung bisa ngendika penyebab kebakaran. Tapi geni dikira-kira awalé sekang Blok B lantai ngisor.

Menurut dhéwéké, neng Blok B akéh kios sing dodol lenga, dadiné lumayan angél madamna kebakarané.

“Geniné ketoné wis mulai bisa dipadamna. Inyong urung bisa mastikna sebab kebakaran kiyé, anu ésih penyelidikan,” jéréné.

Déwéké ngangen-angen moga-moga baé ora nana korban kebakaran neng pasar paling gedhe duwéké wong Purwakerta kuwé.

Sementara kuwé, Asisten Ékonomi karo Pembangunan Sékretaris Daérah Banyumas, Purwadi Santosa, ngendika pemerintah Kabupatén Banyumas arep secepeté nyiapna lapak sementara nggo dodolan bakul sing dadi korban kebakaran.

“Déwék arep mbahas disit. Sing mesti déwék arep gagian nyiapna nggon sementara nggo dodolan,” ngendikané.

Sekang penuturan bakul karo tukang parkir neng lokasi kejadian, geni nembé bisa dipadamna sekitaran jam 07.30 WIB.

Redaksi Ndleming.com

Sing mandegani website Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..