Sesewon singkatan sekang “Saben Senén Kliwon”, kuwé acara sing degawé nang cah-cah Scooter Fans Club (SFaC) Purwokerto. Demulai kawit 29 Juli 2019 ngepasi 23 tahuné SFaC sing lairé nang weton pasaran jawa dina senén kliwon.

Acara Sèséwon deawali nang sekre SFaC, kidul Terminal Bis Bulupitu Purwokerto. “Senajan Sèséwon sing gawé bocah véspa, tapi acara kiyé detujukna kanggo tambah ngraketna sambung paseduluran lintas komunitas”, ujaré Sumarsono utawa biasa deceluk Monchos, ketua SFaC.

Isine yakuwé dopokan bareng dayoh-dayoh sing sengaja deundang kanggo kandah werna-wernané crita, pengalaman karo berbagi ngélmu. Ana sing sekang nom-noman sing dadi petani organik, komunitas montor, pit, musik, tukang tatto lan liya-liyané.

Mén ora dadi nglangut, deselingi musik akustikan sekang musisi-musisi sing uwis kejadwal utawané uga cokan jamming session.

Seliyané kuwé, Sèséwon uga bisa kanggo dodolan abrag-abrag kreatif sekang komunitas karo band.

Salah sijiné sing maén skang Sèséwon kuwé ya nang perkara suguhan. Sering banget ana wédhang, nyamikan sekang wong-wong sing tresna maring guyubé bocahan komunitas kanggo desuguhna banjur denékmati bareng.

Krasa banget srawungé, guyubé senajan uwis lintas komunitas karo hobi. Sabab nang Sèséwon kuwé bareng-bareng latihan nyinaoni, ndeleng, ngringokna apané dudu sapané, sekecandaké.

Redaksi Ndleming.com

Sing mandegani website Ndleming dot com

Waca liyané:

Mayuh dikomentari luur..