Sambungan sekang cerita sedurungé.

Neng Sawangan Kamandaka urip karo randa sing arané Kreti. Randa Kreti kuwé wong sing ekonominé kurang utawa rakyat jelata.

Ndeleng kahanan kuwé Kamandaka greget kepéngin mbantu réka-réka dadi tukang tarung ayam jago. Nggolé dadi tukang tarung jago Kamandaka dibatiri abdi Losari sing arané Rekajaya. Ayam jago Kamandaka dinéi aran mercu.

Lang-langané Kamandaka golé tarung ayam jago ngasi Désa Pangebatan. Ndeleng gisas-gisus anané tukang tarung ayam jago, nggenahna maring pihak Pasir Luhur jebul Kamandaka téksih urip. Adipati gecat-gecot nyelidiki, ngongkon maring Silihwarni kanggo nyekel tukang tarung jago sing sejatiné Kamandaka.

Silihwarni karo abdi Pasir Luhur butul Pangebatan, weruh tukang ayam jago arep labuh tanding, dhéwéké nantang tarung jago karo goné Kamandaka. Neng kéné Silihwarni duwé pikiran licik, tujuané dudu tarung jago, tapi arep nglumpuhna Kamandaka.

Ayamé Silihwarni nggon jaluné desogi péso, banjur de balangna maring wetengé Kamandaka. Ijig-ijig wetengé Kamandaka metu getih merga kena péso. Kamandaka kesuh, ayamé Silihwarni dibanting.

“Héh, apa-apan sih, dénéng arep tarung jago malah arep maténi sing nduwé”. Takon Kamandaka muntab.

“Aku Silihwarni sekang Pasir Luhur. Aku di kongkon kon ndikep Kamandaka. Kowé kan sing aran Kamandaka?!” Jawab Silihwarni.

Ora let suwé Silihwarni karo Kamandaka adu kasektén, gelut karo perang. Neng gelutan Kamandaka téyéng ngantem Silihwarni nganti nggludag, bubar kuwé Kamandaka njukut kesempatan nggo mlayu.

Kamandaka mlayu maring ngulon, ngliwati Désa Langgongsari. Silihwarni ngudag Kamandaka ngasi Langgong, neng kana gelutan maning. Panggonan sing ganu kanggo gelutan Kamandaka karo Silihwarni siki diarani Désa Pejogol, Tamansari.

Banjur, Kamandaka mlayu ngétan ngliwati Kali Jengok, Kali Bodas nganti maring Kali Banjaran.

Neng kana, kedadéyan gelutan maning pasukan Silihwarni karo Kamandaka nganti sedina mbetetet, langka ngasoné. Panggonan kuwé siki diarani Désa Kober. Gelutan antara Kamandaka karo pasukan Pasir Luhur mbéné mandeg pas wengi.

Banjur Kamandaka mlayu maring ngalor nrobos alas gedé, alas sing diliwati Kamandaka diarani Désa Bobosan. Neng jero alas Kamandaka ngaso, karo nambani wetengé sing bocor.

Silihwarni karo pasukan Pasir Luhur ngerti lamona Kamandaka neng jero alas, gecat-gecot ngongkon asu ngintai Kamandaka. Asu sing dikongkon neng Silihwarni dicekel neng Kamandaka, terus di paténi.

Sewisé maténi asu, Kamandaka ngiwi-ngiwi maring Silihwarni karo mlayu maring ngalor. Neng jero alas Kamandaka weruh ana watu gedé banget, banjur Kamandaka umpetan neng watu gedé.

“Gagéyan metu Kamandaka, ko hora usah umpetan!”.  Nyeru Silihwarni karo nggentak-nggentak.

“Mayuh, siki gelut maning. Nyong Raden Banyak Catra anaké Prabu Siliwangi sekang Kerajaan Padjajaran ora bakal wedi karo ko, Silihwarni!” Jawab Kamandaka.

Krungu sejatiné Kamandaka, Siliwarni kagét, dhéwéké ngedoprok merga saking kagété.

Jebul Kamandaka sing arep dipaténi neng dhéwéké aseliné yakuwé kakangé sing lagi degoléti.

“Matur nuwun Sang Hyang Widi, akhiré inyong bisa ketemu kakangé nyong sing wis suwé lunga. Kang Padjajaran, kiyé aku adimu, Radén Banyak Ngampar..”

Kakang adi langsung kampelan. Banjur Kamandaka awéh solusi kanggo permasalahan kiyé, supaya Silihwarni bisa ndarani wis maténi Kamandaka. Asu né Silihwarni dipaténi, dijukut ati karo jeroané kanggo bukti dene Kamandaka wis dipaténi.

Sewisé laporan karo pihak Pasir Luhur, Silihwarni karo Kamandaka bali maring Padjajaran. Neng kana agi ana acara pilihan pengganti raja Padjajaran.

Mergané Kamandaka anak sulung, Kamandaka ditawani dadi raja. Tapi Kamandaka nolak dadi raja, akhiré sing dadi raja Raden Banyak Blabur (adiné Kamandaka).

Sewisé Raden Banyak Blabur munggah dadi raja, Radén Kamandaka lunga maning maring Kadipatén Pasir Luhur. Kamandaka terus semédi neng alas, daérah Batur Agung.

Neng semediné Kamandaka dikrungoni suara gaib. Isi suarané ngongkon Kamandaka manggon neng pinggir Kali Mengaji. Neng kana Kamandaka semédi maning, nganti olih klambi ajaib.

“Héh, Kamandaka, kiyé ana klambi ajaib nggo ko. Nék ko nganggo klambi kiyé, ko bakalan dadi makhluk wujud lutung kasarung”. Suara gaib pas lagi Kamandaka semédi.

Kamandaka banjur nganggo klambi sakti, banjur dadi lutung. Pas tiba kebeneran, Adipati Pasir Luhur lagi berburu neng alas, dhéwéké weruh lutung. Lutung mau sebeneré Kamandaka, sing agi nganggo klambi ajaib. Adipati kesengsem karo lutung Kamandaka, terus dicekel, digawa bali maring Kadipatén Pasir Luhur.

Neng kana lutung disogna neng Kaputrén. Ndeleng lutung sing unik banget, Déwi Ciptarasa uga kepéngin ngingu nggo batir dhéwéké. Anané lutung kena nggo nglipur atiné Déwi Ciptarasa sing remuk merga ditinggal Kamandaka.

Pas wengi-wengi, ijig-ijig lutung kuwé malik dadi Kamandaka, banjur unduk-unduk mlebu maring kamaré Déwi Ciptarasa. Déwi Ciptarasa kaget campur bombing.

Déwi Ciptarasa banjur dicritani kedadéyan sing sejatiné, Dewi Ciptarasa lega. Dewi Ciptarasa uga crita, nek dhéwéké arep dibojo neng Raja Pulebahas sekang Nusatembini.

Kamandaka awéh cara supaya Raja Pulebahas ora sida mbojo karo Déwi Ciptarasa. Pasukan Raja Pulebahas aja nganti nggawa senjata, banjur kudu gawa kain mori putih 40 kodi, karo nggawa 20 putri kembar.

Pas mangsané sing wis desepakati, iring-iringan Raja Pulébahas teka maring Kadipatén Pasir Luhur, nduwé maksud nglamar Déwi Ciptarasa.

Neng tengah iring-iringan Raja Pulébahas, Dewi Ciptarasa méréki maring Raja Pulébahas karo nggawa lutung. Lutung mau langsung malik wujud dadi Kamandaka, terus nyerang maring Raja Pulébahas karo pasukané. Akhiré Raja Pulébahas mati, merga ora nggawa senjata.

Sewisé kedadéyan kuwé, Kamandaka njelasna sejatiné dhéwéké maring warga Kadipaten Pasir Luhur, karo negesna nék dhéwéké kepéngin mbojo karo Déwi Ciptarasa.

***

Sejarah Kamandaka karo Déwi Ciptarasa dudu cerita sing fiktif, mergané ana catatan sejarah Babad Pasir Luhur sing di tulis neng Raden Wiraatmadja karo J. Knebel.

Sekang cerita Babad Pasir Luhur, wong bisa eksplore kaitané sing jéréné wong Jawa Tengah (Banyumas) ora olih kawin karo wong Jawa Barat (Padjajaran). Merga miturut cerita, ana pantangan kaya kuwé pasca perang bubat.

Nék ndeleng sejarah, Perang Bubat kuwé kedadén neng kira-kira abad 14 (Yeni, 2018). Kedadéan Perang Bubat uga sepréné taksih dadi kembang lambé.

Sejarah taksih simpang siur, angél dibuktikna, bukti sing ditulis atau bekas perangé uga urung bisa ketemu. Malahan, ana wong sing ngarani kuwé sebeneré anu rékayasa Landa nggo mecah belah persatuan.

Wacanan

Yeni, Mulyani. 2018. Perang Bubat, Representasi sejarah abad ke- 14 dan resepsi sastranya. Jurnal Penelitian Sejarah dan Budaya, No. 10, Vol.1, 51-56.

Kneebel. J. 1900. Babad Pasir, Volgens een Banjoemas Handschrift met vertaling. VBG deel Li: 1-155.

Priyadi, Sugeng. 1996. Teks Babad Pasir dalam Babad Banyumas Tradisi Naskah Dipayudan. Makalah Dipresentasikan pada Simposium Internasional Ilmu-ilmu Humaniora III. Yogyakarta: Fakultas Sastra Universitas Gadjah Mada.

Chubbi Syauqi

Mahasiswa Jurusan Tarbiyah UIN Saifuddin Zuhri Purwokerto. Aktif neng HMI lan Sekolah Kepenulisan Sastra Peradaban (SKSP) Purwokerto.

Waca liyané:

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..