Siki neng ndi papan panggonan umum akéh tandha ora olih udud. Begyané dhéwék sing urip neng ndésa. Par-por sekarepé dhéwék langka sing ngaru-ara.

Mbako balané menyan, wuwur, klembak, papir. Ésuk-ésuk jégang neng risban. Sandingané teh kroncong utawa kopi karo rawunan budin. Gerr..

Angger kebeneran ya ana Kaki Wartam liwat, “Ndhérék nggulung sata-selané lah..” Ora mawi detawani, mesti perhengset, mélu njagong. Ngejog banyu sekang gogok, tangané sing kisut, gawé linthingan kumplit.

Bar kuwé ngethuprus babagan sawah utawa bab perhuteng liyané. Kemat-kemut, pipiné kempot nyerot kukus. Jéré umure wis 92. Kuwé ya mbuh bener mbuh ora. Kémutané weton Rebo Kliwon.

Wong lanang kaé wis ndatuk udud kawit umur 13 taun. Ning gelemé pakét kumplit seklembak-menyané. Jéré cengkéhé marakna untu awét. Menyan nggawé ambekan logro, macula sedina ora ngempos. Klembaké gondhang supaya ora garing.

Mambuné tah nyatané madan ublek mingsri. Ning tumrap wong kuna ya anu aroma therapy. Sing kabéh ana gunané kanggo awak.

Banjur siki delarang. Ora olih udud. Jéré ana kanker, jantung, tumekané impoténsi.

“Aja ngandel. Inyong wis 80 taun udud, larané ya paling béyék. Wong anu wangkringan tua..”

Rampung rong lintingan Man Wartam pamit.

Udud dulu biar sutabil.. Mbako mranggén utawa temanggung sing asli ngkéné. Aja tuku rokok impor. Nun? Inyong Tah cokan dijujugi Mbako Lombok, Mbako Gayo, utawa Mbako Violin.

Rangga Sujali

Mantan wartawan Tempo lan Forum Keadilan. Siki manggon neng Bali.

Mayuh dikomentari luur..