Banyumas Bergerak (BARAK) nggelar acara rutinan Pitulikuran nyambi ngenalaken wébsite Ndleming.com. Wébsite Ndleming.com kuwé isiné babagan ngursi-uri basa Banyumasan, utawané mbedah éndahe dialék panginyongan.

Acara sing digelar neng LaNova Cafe Sidabowa, Minggu, (27/9) kuwé kurang lewihé ditekani 10 wong.

“Wong cenderung isin ngetokna penginyongane”, jéré Arif, sing ngomandoni acara, “Anané Ndleming.com kuwé nggo nguri-uri basa biyung (Panginyongan), bén wong ngrasa bangga lan nduwéni”.

“Ndleming duwéké masyarakat Banyumas, ibarat panggung sing sapa bae ulih ngudar rasa neng kono”, Arif nambahi.

Acara dipuncaki karo présentasi bentuk karo isi wébsite, sisan tanya jawab babagan saran karo masukan nggo Ndleming.com.

Launching Ndleming.com Sepira Banyumasmu?

Launching Ndleming.com Sepira Banyumasmu
Nék jéré MFN, Pamong Ndleming.com, Ndleming digawé nggo dadi ruang utawa wadah nggo sapa baé, wadah duwéké bareng-bareng.

“Ayuh bareng-bareng mbuktikna sepira Banyumasmu? Anané ndleming bén wong ngrasa nduwéni sing pancén nggoné dhéwék,” jéré MFN.

Launching-Ndleming.com-Sepira-Banyumasmu
MFN thok melong, neng Ndleming.com kuwé ora nganggo istilah ngapak. Tapi istilah Panginyongan.

Sedulur utawa warga Banyumas sing mélu njugur neng acara Pitulikuran, Andi, mélu urun rembug “ilaté wong Banyumas gampang nyesuaikna basa ngendi baé. Tapi wong njaba angél nirokna basa kéné merga pancen angél, sebab istiméwa,” jéré Andi ngakhiri rembugan sing buket wengi kuwé.

Redaksi Ndleming.com

Sing mandegani website Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..