Ya mbuh apa artiné, koh bapa-biyungé gemiyén awéh aran Kitam. Wong aja maning Kitam, Mbok Rawisem dhéwék ngasi séda ya ora awéh ngerti. Ing mangka Uwa Kartaja, bapané Kitam padha baé mblosondoné. Ndeyan jaman semana sering ngrungokna laguné Elvi Sukaésih, Hitam Manis, tapi sing keprungu neng kupingé Uwa Kartaja malah Kitam.

Neng Karangcengis, kawit prekocot ngasi tua Kang Kitam ora tau mingser. Sekolah Dasar baé mung tekan kelas telu, Kang Kitam ora nerusna sekolah maning merga langka ragadé sing ora sepiraha. Mbuh merga langka mbuh merga ora dipentingna. Anggité wong tuwa jaman semana sing penting téyéng nulis karo maca. Ora kepéngin dadi pamong, apa maning dadi priyayi gung sing kaya neng kota. Déné wis digarisna dadi anaké tukang ndérés, kuwé wis Kersaning Pangéran. Sebrayat ora tau ngungun, ora nyalahna tekdir. Anané mung sukur.

Nalikané Uwa Kartaja wis tua, Kang Kitam remaja sing nerusna profési bapané. Ndérés badhég klapa. Wayahé mbojo, Kang Kitam digathukna karo Yu Katem, prawan tangga désa. Jaman semana mbarang gawé madan ramé dirawuih Pak Lurah.

Ndelalahé pas, arané Kitam karo Katem. Bar Kang Kitam ndérés, Yu Katem ngindel. Wayaéh Yu Katem ngindel, Kang Kitam wis nggawa kandi karo arit. Ngolet suket nggo empan wedhusé sing ana papat. Bar ngindel Yu Katem maring warung, jujug gula karo njiot bécéran.

Lingsir awan, krungu bedhug Kang Kitam bali, Yu Katem wis rampung olah-olah. Madhang bareng neng njagong neng lincak pedangan, ora nana méja makan sing kaya neng sinétron.

Ora nana sing dadi linuwih blas sekang keluargané Kang Kitam. Mben dina wong loro kuwé ngethepléki badhég karo wedhus. Ing mangka sing kaya kuwé dilakoni suwé, rukun, ora tau padudon, ngasi duwé anak telu.

Sing mbarep Sutrima Fitriani –bocahé ora pantes anaké Kang Kitam. Kulité putih bersih, ora kaya bokong kéncéng (huruf é diwaca kaya sajén) sing biasa nggo ngindel. Tengahé lanang arané Jaler Susanto, bontotané Andika Sulistiono. Arané madan maén kabéh.

Critané mbebeih.

*

Setu Paing jam lima soré. Wayahé Kang Kitam ndérés. Ning langité mendung, grimis nlethis, lataré cebrik, gludhugé wis keprungu gemlendeng.

“Sing ngati-ati kang, tatarané lunyu,” Yu Katem klorongan sekang pedangan.

“Kaya ora biasané. Apa ko arep ngganténi disit?” Kang Kitam semaur karo nyengkelang arit.

“Mbuh lah, wong mbosa diémutna malah ora ketrima..”

“Ya wis, nyong tek mangkat..”

Grimis-grimis kang kitam mangkat ndérés, ora sandhalan, ora klambén, nganggo kathok kolor warna ireng sing méh padha karo kulité. Nyengkelang arit, karo nyangking pongkor.

Dérésané Kang Kitam ana 32 wit. Nék digawé rata-rata sewit dhuwuré lima méter, mbok ménék 160 méter, sedina ndérés pindho dadi 320 méter munggah, 320 méter mudun. Nék dikumpulna sewulan berarti Kang Kitam wis munggah seduwuré 9.600 méter. Wis pérek langit. Kang Kitam ora tau ngétung.

Kejaba ndérés wit klapané dhéwék, Kang Kitam uga ndérés wit klapané tanggané. Petungané gampang, kasil gulané dibagéni mben sepasar sepisan. Uwa Sam duwé wit pitu, Yu Katem pasok gula telung kilo saben Pon. Kabéh tampa, kabéh nrima. Kang Kitam jujur, sing duwé wit klapa sukur.

*

Krasakk.. Blug..

“Yu.. yu.. kaé mburi sapa sing tiba? Si Kitam apa?” Uwa Sam klorongan sekang ngumaéh, karo cincing-cincing jarité.
“Jo.. Marjo.. Narsim..” Yu Minah mélu baé kereng-kerengan mlayu méreki Kitam sing ngereng-ngereng, nggentawil, tiba sekang wit klapa dhuwuré antarané 12 méter.

Gemridig wong pada ngumpul. Kitam dibopong digawa ngaub neng umahé Yu Minah. Dirubung wong seguthek sing krungu kabar Kang Kitam tiba.

“Lha.. Kepriwé sih Kang, jan wis tek omongi sing ngati-ati mbok..” Yu Katem teka karo méwék-méwék nangis.

“Wis Yu, digawa maring Margono baé, mbok kepriwé-kepriwé..” Jaré Basuki, sing kepala daérah tingkat pitu alias Ketua RT.

“Inyong tek ngomongi Pak Aris, kon jujug maring Margono..”

Ora dikomando maning tangga-seduluré padha nulungi.

Ora nana sing mikir ragadé sekang endi. Yu Katem nggolé nangis kuwé anu mikir, melas bojoné kelaranen karo bingung ora duwé duit nggo ragad rumah sakit. Jaman semana urung ana Jamkesmas, sing jéré fasilitas pengobatan gratis nggo wong sing ora mampu. Mung saka tembung ndilalah kersaning Allah, RT, RW, pamongé, tekan lurahé pada opén mélu ngurusi Kang Kitam.

Nginep sewengi, Kang Kitam nembé bisa ditakoni.

“Anu kepriwé critané sih?” Yu Katem takon karo ngelapi luh nganggo jarit.
“Kepriwé.. kepriwé.. genah tiba koh..” Kang Kitam semaur karo nyungir-nyungir ngangken larané.

Perban pating témplék neng bathuk, neng sikut, karo neng sikil. Lambéné Kang Kitam njebir, untuné copot loro mbuh kebentus apa.

“Maksudé anu agi ngapa koh bisa tiba?”

“Mbuh lah.. lara-lara koh malah réwél baé..”

“Nyong ya ngerti rika lara,” karo ngipasi nganggo ilir pring Yu Katem dadi ngrasa melas maring bojoné.

“Nuwun séwu bu, panjenengan garwanipun,” ujug-ujug ana bocah ayu nganggo sragam putih takon maring Yu Katem. Sejeg-jumleg nembé ana sing takon nganggo krama inggil,

Yu Katem madan éwuh.

“Nggih. Kados pundi, Mbak?” Madan nggragap Yu Katem semaur.
“Nika, ngaturi priksa.. Bapaké balung samparané retak, dados sawetawis kedah opname wonten mriki.” Perawaté ngomong karo madan gonyas-ganyés. “Nggih antawisé sedasa dinten wonten mriki..”

Bingung. Yu Katem tambah mingseg-mingseg. Ingatasé nggo urip mben dina baé ngos-ngosan. Kiyé kudu nginep neng Rumah Sakit, sing pahal sapa, sing arep dipangan apa, sing nggo sangu bocah sekang ndi.

Mandan suwé perawate niliki infusané, ténsi, obat, karo liyané. Rampungan, terus pamit maring keloroné, nganggo krama inggil maning. Tangga-teparo kawit mau mbengi wis pada tilik, ana sing nggawa jeruk, apel, kupat, jajan pasar karo panganan liyané. Kenapé cilik kebek neng panganan sing ora tau ketemu nalikané Kang Kitam séhat.

“Gyéh, Tem,” Kang Kitam lara ya disara-sara menyat, mumpung madan sepi gari wong loroan.

“Ora usah bingung, jajal kaé pongpok kandang wedhus mburi umah dithéthél baé..”

“Jan.. Kang.. kang.. sing madan waras sih ngapa..” Suarane Yu Katem keprungu melasi. “Wedhus agan nggo nyunati si Dika, kandange nganggo pring garing paling nggo suluh sih payu sepira.”

“Ko tah angger diomongi wong lanang mbanggél dhisit,” Kang Kitam ngomong madan atos.

“Ngésuk ko bali disit, préntah Casiman kon ngganti saka loro sing sebelah lor. Pringé digawa mlebu pedangan. Aku ésih duwé celengan neng pongpoké. Cacaéh sepira ya ngesuk diétung terus digawa ngeneh.”

“Lha dadi rika sok ngumpet-umpetna dhuwit?” Biyungé Fitri madan sewot, madan gumun.

Kang Kitam cengéngésan ndeleng bojoné, ora ayu tapi ngangeni.

Tamuné sing tilik jedhal-jedhil ésih pada teka. Tanggané pada melas merga Kang Kitam wong énthéngan nék dijaluki tulung.

*

Esuk, Yu Katem karo nyangking klambi kotor, numpak bis bali ngumah. Neng rumah sakit ana Yu Tijah, Uwané Jaler sing bisa disambat nggo gentian nunggoni.

“Kepriwé Tem, Kitam arep nginep pirang dina?” Wa Dasem kebagian ngréwangi tunggu umah karo ngurusi anaké telu.

“Balung sikilé tugel jéré wa, ya kudu nginep antarané sepuluh dina,” Katem njawab karo mlebu neng senthong.

Anaké telu agi sekolah kabéh. Umahé sepi, ora nana suara kemlonthang pongkor dionclang, ora nana suarané Jaler karo Dika rebutan kembang gula.

“Lha ko arep maring ngendi maning?” Wa Dasem takon nalikané weruh Yu Katem metu maning.

“Nggolét Casiman, arep kon mbongkar kandang wedhus..” Yu Katem semaur karo mlaku.

“Jan ko sih pada kepriwé? Bojoné nggléthak neng rumah sakit, malah mbokar kandhang wedhus..”

“Lah mengko toli rika ngerti. Meneng baé ngkono neng ngumah dhisit.” Keprat. Yu Katem lunga.

Sedalan-dalan tangga-teparo padha takon babagan kondisiné Kang Kitam. Sabar, sesabar-sabaré Yu Katem nyemauri kabéh pitakonan. Kabéh mélu prihatin, mbuh tumusing batin mbuh mung kembang lambé.

*

Ketemu Casiman, adhiné Kang Kitam kebeneran urung mangkat ngodhé. Madan kesusu loroné mbalik maring mburi umaéh Kang Kitam. Wedhusé ditokna, dicancang neng wit nangka.

Diréwangi Tarwan, Casiman mbongkar kandhang wedhus. Sakané diganti nganggo pring petung sing kebeneran wis ana neng wétan umah. Saka sing lawas digawa mlebu pedangan, kaya préntahé Kang Kitam.

Tarwan nerusna dandan kandhang wedhus. Yu Katem karo Casiman ndhedhel pongpok saka kandhang wedhus. Ora kepikiran babar pisan neng uteke Yu Katem, déné bojone duwe dhuit nyrumpel ana sing abang, ana sing ijo. Diétung cacaéh meh wolung juta.

Ngasi metu sekang rumah sakit, biayané kelunasan kabéh. Ora utang, ora sambat.

Pongpoké Kang Kitam ora baén-baén.

Rangga Sujali

Mantan wartawan Tempo lan Forum Keadilan. Siki manggon neng Bali.

Waca liyané:

Mayuh dikomentari luur..