Jaman gemiyén sing jenengé tembako disepélékna pisan. Wong enom sing gawani tembako lintingan mesti diwadani kaya wong tuwa. “Udud koh tembako”. Ana maning sing ngarani jéré angger ana wong nggawani tembako kuwe tandané anu wong kéré.

Tapi jamané siki wis ganti. Siki wis ana saos rasa-rasa, bén supayané tembako ana rasané.

Wong enom mulaih akéh sing ganti maring tembako, plus tingwé. Tingwé kuwé singkatan sekang ngelinting dhéwék.

Ning ya awal-awal metu saos ora langsung detrima neng rakyat Indonésia. Mergané wong sing udud tembako sing disogi saos perasa cokan dearani dudu perokok sejati, diwadani anu kepéngin duwé vapé tapi langka duit. Wis jaan werna-werna pokoké.

Gara-gara ndeleng pangsa pasar tembako tambah ramé, akhiré pabrik rokok mulai mélu-mélu gawé produk tembako sing ana rasané. Dadi siki tembako rasa durung mesti home industry.

Bungkusé ya wis apik-apik. Rasané ya werna-werna. Ana rasa kopi, woh-wohan, capucino, lan sakpituruté. Rasané ya lewih awét timbang home industry, tur ora cepet sepa utawa hambar.

Ketambahan maning siki wis ana papir rasa. Nék papir wis dijamin rasané ora hambar, bisa dadi solusi nggo sing jarang udud. Ning yakuwe, regané siki ésih lumayan.

Filter ya wis ana filter klik rasa mint. Sing adol klik é tok mengko di lebokna ming filteré ya ana. Rasané ya werna-werna. Mung angger tek deleng tutorialé ning youtube kayong ribet pisan.

Ning sepisan maning kuwé uga bisa dadi solusi nggo wong sing jarang udud. Dadi ora prelu wedi angger tembakoné rasané hambar.

Jéré bakulé nék nganggo klik rasa, rasa woh wohané lewih kerasa timbang tuku mbako rasa. Soalé rasa filteré langsung neng pipir lembéné wong sing udud. 

Mituruté Adi sing duwé Toko Tembakau Buket sing neng Sokawera, Berkoh, ngonsumsi tembakau lintingan siki wis dudu plekara ngirit maning, ningén lewih maring plekara seléra. Kaya neng iklan kaé: “Pria Punya Selera”.

Nék jéré Tobacco Leaf sing tokoné ana neng jéjér Unsoed, sing tukuni tembako ora mung wong-wong sing nganggo motor. Sing mobilan apik-apik uga padha tukuni tembako.

@kober_tembakau sing tokoné ana neng daerah Kober semaur béda maning. Jéré selot suwé tambah akéh baé sing adol tembako. Ning omsét é ya biasa baé, ora mudun. Kuwe artiné pancén tambah akéh wong sing tukuni tembako.

Mas Hamid sing duwé @baladewatobacco.pwt sing tokoné ning Bancar Kembar crita, déné siki akéh bocah nom-nom pada ngelinting neng kono.

Pancén tek akoni angger sing kiyé béda dhéwék konsépé. Dadi neng kono digawe café sisan dodolan tembako, ketambahan ana wifi-né maning. Hayuh sapa sing ra betah jal?

Aggy Tri Fanny Alamsyah

Youtuber aseli Tambaksogra Banyumas sing duwe hobi pit-pitan. Bisa diintip neng channel ATFA Studio.

Mayuh dikomentari luur..