Tegal kota sing neng pesisir lor
Nyimpen pirang-pirang lakon
Lagon mengapa keprungu neng kulung inyong rika
Genah wéla mujudna kuciwa
Ningén ditembangna kanti legawa
Praén suméh sinambi jogédan
Neng panggung iringané organ tunggal
Nyurasani isi syairé krasa nggrentes pisan
Gawé ati ora tegel takon

Kuciwa dianggep biasa
Lakon menungsa béda-béda
Suka gembira sedih lan lara
Gonta-ganti tumiba ning sapa baé

Pilkada kelakon milih wali kota
Wis kedadéan ora bisa ditunda
Kalah menang dadi crita
Janji setiya uwal merga dunya
Kebecikan ilang merga ora kélingan
Yén tau kekancan ndukung temenan
Cempulek jebul dadi rombéngan
Swara bodong bithing glewéhan
Titi wanciné neng kobongan sulaya
Mblénjani karo omongané

Lagon mengapa kusplus
Ésih baé nggalur neng pikiran
Kaya ngapa larané dilombo kanca
Tresna mung neng lambé
Batin lunga ninggalna

Jéré sung
Jebul gemrungsung suwung
Kang Nur mung tumungkul
Ngelus dhadha ora mungkur
Tetep syukur najan urung mujur

Jéréné jabatan amung seklépatan
Sekalané urip neng jagad
Pangkat sipaté titipan
Dunya katoné pethétan

Lagon mengapa kusplus
Ésih tetep keprungu
Dadi kenangan sing tulus
Ngélingna solah bawa Kang Nur
Sing wis tindak nyukupi umur
Nerusna lakon ning alam kubur

Muga baé Kang Nur antuk pepadhang
Sekang gusti sing maha wenang
Agéa nyawiji tinampi ning gusti
Pikanthuk panggénan neng Swarga

Lagon mengapa kusplus
Lan organ tunggal awéh kabar
Yén Kang Nur priyayi sabar
Digawé gela ngucap istighfar
Merga dhéwéké percaya urip mung sewetara
Becik ketitik ala ketara

Kang Nur sugeng tindak
Jembar kuburé
Dingampura dosané
Swarga panggonané

25082020

Wanto Tirta

Lair neng Desa Kracak Ajibarang Banyumas. Seneng nulis lan maca puisi, guritan neng ndi papan. Uga maen teater lan ketoprak.

Mayuh dikomentari luur..