Ésuk-ésuk mbekayu Silem wis ngetiging aring warungé mbekayu Nisah.

Yu Silem : “Tuku rinsone, Yu”.
Yu Nisah : “Garep ngumbaih pa, Yu? Gasik temen..”
Yu Silem : “Agep nggo ngumbaih kucing, wingi kenang belet, dadi wuluné blépotan”
Yu Nisah : “Ya mati kucingé nék dekumbah nganggo rinso, Yu!!”

Ningen Yu Nisah tetep ngedoli rinsoné.

Esuké, Yu Silem teka maning aring warungé Yu Nisah.

Yu Nisah : “Piwé kucinge, Yu?”
Yu Silem : “Mati..!!”
Yu Nisah : “Lha temenan mbok, kucing koh dekumbah nganggo rinso”
Yu Silem : “Tapi kucingé inyong mati dudu jaragan tek kumbah rinso, wong bar tek umbah bé nésih urip koh..”
Yu Nisah : “Lha trus matiné kenang apa, Yu?”
Yu Silem : “TEK PERES..!!”

Semangat esuk lur… Ceria trus pokoké… 😀 😀

Fajar Sopsan

Budayawan Banyumas sing akeh nggawe lagu, geguritan, lan crita liyane

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..