Poténsi wisata duwéké Banyumas urung kabéh ditemukna wisatawan, dadiné ésih akéh nggon wisata sing urung dijamah. Salah sijiné, Banyumas kie duwé wisata sing maén nggo pasangan muda-mudi sing lagi mabok cinta, yakuwé Curug Jenggala Baturradén.

Wisata kiyé lagi populér neng kalangan wisatawan kekinian, anu duwé pemandangan éndah pisan. Uga ana nggon foto sing romantis.

Sebabé, neng obyek wisata kiyé ana papan kayu sing bentuké “love” utawané bentuk waru. Papan kuwé akéh sing ngomong romantis ditambah ana wit-witan sing akéh kembangé neng sisi-sisiné. Papan kuwé disogna neng ngarep curug persis, dadiné curugé tambah keton éndah pisan.

Jebulané, wisata kiyé pancén nguja digarap nggo seni fotografi sing maén, pantesan baé pernah viral neng medsos terus akéh pisan muda-mudi pada teka ngudarasa utawa mung sekedar piknik biasa.

Curug Jenggala Prawan Sing Romantis

Wisata alam Curug Jenggala kiyé dikonsép seporété, manfaatna curug nggo pandengan utamané. Sebabé bén ora mung lokawisata Baturradén tok. Bén wisatawan tambah pilihan piknik neng tlatah Banyumas kiyé.

Pandengan sing éndah, alam sing esih ‘prawan’, dislimuti cuaca khas pegunungan. Wisatawan bisa teka nggo ngilangna putek utawané mumet sing asalé beban urip.

Niliki sejarah Curug Jenggala, asal mulané obyek wisata kiyé jenengé Curug Tempuan. Sebab banyu medun Jenggala kuwé banyu pertemuan sekang akéh kali dadi siji. Terus curug kiyé duwé telu kucuran banyu medun sing duwuré padha. Duwuré 30 méter sekang lemah.

Akhiré, warga sekitar nganakna musyawarah. Hasilé kuwé ngerubah jenengé dadi Curug Jenggala. Jenengé kuwé sekang jeneng juru kunci hutan yakuwé Bapak Jenggala. Wisata Curug Jenggala kiyé ésih dikelola Perhutani Banyumas sing ngodé bareng warga sekitar.

Dalan ming Curug Jenggala kiyé kepénak. Sekang kota Purwakerta ngalor ming Désa Kalipagu. Nek wis gutul Baturradén ngalor maning arah Curug Bayan. Terus baé ngko nemu papan penunjuk dalan arah Curug Jenggala.

Nek wis gutul lokasiné wisatawan kudu mlaku sekitar 30 menitan. Dalané ésih lemah, dadiné nék bar udan sing ngati-ati mbok keplarak.

Nék mlaku 30 menit dirasa gempor sikilé, disediakna ojek motor nggo ming lokasiné sing bayaré 10 éwu. Nék wis gutul lokasiné, aja klalén bayar karcis 5 éwuan.

Andika Satria

Tukang nulis. Siki fokus nggolét bojo lan ngurusi gerakan sosial

Mayuh dikomentari luur..