Dodolan kuwé berkahé akéh, apa maning golé ngarah bathi sepethil. Sing penting lancar tur téyéng nggo dodol ngesuké maning.

Kiyé ana bakul saté sing wis lawas pisan gole ngalap berkah sekang dodol sate ayam. Bayangna bae, dodol kawit taun 1966.

Bu Umar arané. Dalem nang Pancurawis, ancer-anceré ana Balai Désa Purwokerto Kidul maring nguloné mlebu gang.

Kocap crita golé dodol nang sekitaran Purwokerto kidul ider saté, siki nang pinggir dalan kidul balai désa.

Seporsi isiné limang sindik. Jan rasané kemlecer pisan bumbuné. Sogi kécap karo sambel ples olih balungan sing wis debumboni, pokoké delamodi ngasi resik angger golé mangan balungané. Regané ya murah, mangewu ngasi sepuluh ewu teyeng sogi lontong ya olih.

Sate Bu Umar Sate Sing Murah tur Kemlecer Pisan

Bu Umar wongé kepénakan pisan tur seneng angger dejak ngobrol, suméh ora pelit angger detakoni babagan saté. Goli dodolan kawit jam papatan tekan jam eneman. Saben dinané saténé enthong payu merga wis akéh sing ngerti utawa akéh pelanggané.

Lamona dodolané gari sepethil ya debagikna. Ningén seringé ya laris pisan, ngasi sat bumbuné pokoké.

Nulis kaya kiyé malah dadi kencot koh pingin mbadog saté né. Masa oraha angger liwat tek mampir tuku saté trus karo sogi balungan sing debumboni. Pokoké ilaté ngilati terus, tur aja klalén angger ana kucing nang kono ya dewéih balungané, melasi kéwan ya ngrasakna kencot.

Jéré Bu Umar angger dodolan sing penting aja gampang putus asa. Ditelaténi baé tolih mengko ya ana berkahé, ana hasilé. Apa maning nang prosés nyindik karo nyigari dagingé ya kudu sabar tur telatén. Durung angger liya-liyané gawé bumbu, nyiapna godong gedhangé nggo dadi pincuk.

Mituruté Bu Umar, dodolan saté kuwé angger wis akéh pelanggané aja ngilangna rasa apa ngurangi isiné. Contoné sing mauné gedhé dadi cilik, apa mauné enem sindik dadi lima. Pokoké ajeg bae ben nambah berkah tur nambah pelanggané.

Agung Jemblung

Seniman enomé Banyumas. Khususé babagan kesenian Jemblung Banyumasan

Waca liyané:

Mayuh dikomentari luur..