Sapa wongé sing ora kepéngin mlebu swerga sing cokan decritakna neng pengajian-pengajian, neng khotbah-khotbah. Ora mung kanggo wong Islam thok, swerga uga ana neng agama liyané. Papan panggonan sing nengsemna, sing mbetahiné por sewisé awaké dhéwék ninggalna dunya.

Jéréné, swerga kuwé mengko-mengkoné dewéhna maring wong-wong sing shaléh neng alam dunyané. Alam akhirat sing degambarna ana tlaga sing banyuné putihé ngungkuli putihé susu, sing leginé nglewihi leginé madu.

Ora mung kuwé thok, neng swerga apa baé ana. Nandur ésuk, awan panén. Siji maning sing gawé dhegdhegan kuwé para ahli swerga bakalé dehadiahi 70 widadari. Gwéh mbok apa ora gawé ngiler sih angger isén-iséné swerga kaya kuwé akéhé?

Ningén kabéh mau bakal kebukak utawa bisa derasakna sewisé ruh wis pecat sekang badan wadagé dhéwék, lan wis detimbang pira dosa lan amalé inyong rika padha. Arep mlebu neraka utawa swerga.

Ora prelu nggoléti utawa ngenténi swerga sing ésih adoh tanpa wangenan. Neng péreké awaké dhéwék jan-jané uga ana swerga, mung baé cokan padha kelalén apa dhasaré ora ngreti.

Swerga sing marakna inyong rika padha ana neng dunya padhang njembrang kaya kiyé. Swerga sing ndadékna awaké dhéwék bisa nggayuh impén, utawa cita-cita dadi dokter, tentara, guru, gubernur, menteri, camat nganti dadi présidén.

Swerga sing mung-mungan ora nana liyané, ora nganti sap pitu, yakuwé swerga sing arane biyung. Mbuh tah rika arep ngundangé ibu, mboké, mama, mami, umi, uma, ambu.

Saben tanggal 22 Désémber depéngeti dadi peringatan Hari Ibu sing jéré kanggo awéh penghormatan maring kaum perempuan, utamané para ibu. Ilokén hari ibu kuwé wis cukup kanggo ngregani biyung? Kayané ora bakal lunas mbayar perjuangan, pengorbanané biyung.

Aja ndeleng biyungmu dadi apa lan sapa. Senajan biyungé awaké dhéwék dudu wanita karier, ningén donga sekang biyung kuwé mandhi banget.

Mula kuwé, aja nganti gawé gela, gawé lara atiné biyung mbok nganti kocap supata sekang tutuké biyung merga saking kesuhé maring anaké, kayadené crita legénda Malin Kundang sing desupatani dadi watu.

Kayané ora nana neng dunya kiyé biyung nduwéni donga ala, yaha anaha kuwé séwu siji. Wong mbuh dekayanga mbeleré anaké, biyung nduwé akéh stok pangapura.

Aja sok ngrasa sibuk, répot, utawa alesan-alesan liyané sing marakna ora gelem ngrumat biyung nalikané umuré wis sepuh. Lewih-lewih nganti téga nitipna biyung neng panti jompo.

Angger nganti ana anak sing kaya kuwé jan ora lumrah, ora nduwé ati. Kelalén karo getih sing wutah nalika nglairna dhéwéké. Kelalén nalikané biyung toh pati. Kelalén maring banyu susu sing  desedoti nganti umur rong taunan. Pirang bara gawé bombong atiné wong tuwa.

Kanjeng Nabi Muhammad SAW uga prenah ngendika déné sapa wongé sing kudu dikurmati? Kanjeng Nabi njuran njawab nganti ping telu: biyungmu, biyungmu, biyungmu. Tes kaya kuwé nembé bapakmu.

Nah, tekan ngonoh kuduné awaké inyong padha kudu éling, rumangsa lan aja nganti nyiak-nyiakna swerga sing neng jéjéré dhéwék. Swerga sing bisa dedeleng, decekel, deambung kapan baé.

Kanggoné sing égin padha duwé wong tuwa, biyung, rama kuwé kudu dejaga sing bener. Swerga sing mung-mungan langka gantiné. Njuran kanggo sing biyungé wis séda ya aja kelalén ndongakna saben dinané. Muga-muga Gusti Allah paring padhang lan jembar kuburé, mugi swarga langgeng.

Ana paribasan, biyung siji bisa ngrumat anak nganti sanga, ningén anak sanga durung karuan bisa ngrumat biyung siji.

Aja njaluk mlebu swerga sing neng kana mengko, angger maring swerga sing neng jéjéré baé nganti kelalén, malah api ora. Ya padha baé sami mawon. Merga biyung kuwé dadi salah sijiné kunci swerga sing neng akhérat mengko.

Tumiyang, 15122020

Pensil Kajoe

Penulis tetap neng minggon basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta neng rubrik Banyumasan. Wis nulis 17 buku tunggal lan 30 buku antologi bersama.

Waca liyané:

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..