Mbok… Simbok…
Wis adoh nggonmu mlaku
Akéh pepalang sing wis simbok liwati
Drejeg, eri kepara ora ndadekna mandheg lakumu
Udan panas…
Manjat tumurun…
Ora gawé miris kang dadi lakumu..
Nggulawenthah anak-anakmu
Panas perih datan dirasa…
Ngelak ngelih datan pamrih…
Saderma ….
Mrih anak-anakmu bisa kopén…

Simbok…
Piwulangmu kang luhur..
Piwelingmu kang tak éling-éling…
Tembung kang prasaja…
Ora ilok, saru lan sembrana…
Iku minangka paugeranku
Wis akéh sing tek rantasi…. tek trajang…
Parandéné simbok ora duka, ora jéngkél… tansah mésem…
Nalika aku mangan… simbok mung ngucap…
“Wis mangana, simbok wis wareg…”

Siki simbok wis adoh dunungé
Mung pamujiku muga muga tentrem ana ing panggonan mulya..
ana ing pangayunaning Gusti kang maha welas asih
Piwelingmu minangka angger anggerku..
Maturnuwunku tanpa wilangan marang simbok.

Dhemit PBN

Aktifis sejarah lan budaya. Siki aktif neng komunitas Pecinta Budaya Nusantara (PBN).

Waca liyané:

Mayuh dikomentari luur..