• 8
    Shares

Kemis Wagé, 26 Maret 1992.

“Saweg siyam, Ti?”

Kaya biasané, putu-putuné kabéh nyeluk Éyang Putri mung cukup “Ti”. Inyong ngerti Éyang Putri agi puasa, merga ora nana wédang téh anget sing biasané neng kerpis méja ngarep. Méja bunder kayu kethéwél tinggalané Éyang Kakung. Wis dadi angléhé, pendhak dina Senén utawa Kemis, utawa dina liya nalika duwé niyat Ti mesti lewih sering puasa.

“Iya kiyé, wis olih rong dina. Inyong kepéngin mbatik nggo ko. Dadi mengko pas wayahé ko nikahan ora kesusu,”

“Lah, wong calon wadoné baé urung gelem, Ti.”

“Ya ora papa. Ngésuk ngembén toli ana sing gelem. Wong Darsiwan baé sing dhéngklang olih bojo. Masa ko ora,”

“Genah Ratri urung karep koh, Ti.”

“Ora usah depeksa, mengko toli ana wayahé njaluk.”

Kiyé arep ana lakon apa maning. Nyambut gawé baé urung temata, gajih mung ntong nggo urip dhéwék. Malah Éyang Putri ada-ada gawé jarit nggo kawinan. Ning Éyang Putri cokan kaya wong winasis. Ganu mbatik curekan parang rusak nggo Mas Bagas, jéré arep kedunungan bebungah. Nyatané batiké dadi, ora let suwé Mas Bagas munggah pangkat. Séjén wektu maning, Éyang Putri gawé kembang setaman nggo Mbak Nunik. Bareng meteng nyatané banjur babaran anaké wadon temenan.

“Kaé nginum banyu bening baé, neng gogok toli ésih ana.”

“Nggih.”

“Inyong mau titip nyimplung uwi nggoné Narsim. Mbok arep ya kaé neng grobogan.”

“Apa uwiné wis tua, Ti?”

“Mangsa rolas ya wis tua,”

Éyang Putri semaur, ning ora ginggang sekang pawon. Umah rong plong mung deisi wong siji thil. Paling angger wengi, Kang Tarsan sing cokan réwang resék-resék, mélu turu neng ngumah. Anaké sing cacah pitu pating mbesasat ora genah. Sing umahé paling pérek mung ramaku. Sewayah-wayah angger agi sumpeg neng ngumah, inyong ngancani nginep neng senthong ngarep.

Neng Karangpundung, arang pisan bocah karo wong tuwa dewarahi krama. Kelebu inyong maring rama-biyung utawa éyang, méh kabéh padha mbenthulang. Ora téyéng basa sing alus, kelebu karo wong tua.

Arepa téyéng utawa nganggo ya mung sekenané. Mung ora udhar sekang babagan trapsila karo unggah-ungguh sing apik maring wong tua.

Waca Liyane:  Dolan Wengi neng Diskoték

Inyong ngasi apal, unggal arep mbatik, Éyang Putri mesti puasa ngasrep dhisit. Bar puasa sing telung dina, méh saben soré bakal weruh Éyang Putri nyekel canthing. Nyanthing ésih karo rengeng-rengeng ngidung. Angger wis kaya kuwé biasané putu-putuné paham. Éyang Putri ora kena detakoni. Saben tes ndamu canthing, mesti lathiné komat-kamit. Mbatik dudu mung nggambar neng mori. Kabéh mawa rasa, lair tumusing batin. Bareng dadi biasané Éyang Putri njujugna batiké karo njaluk petukon mori sing mung pirang pérak. Ora tau ngaboti, ora gawé rega. Apa maning étung kodhén nggawéné.

“Batik kuwé bebungah, sing degawé mawa ati bungah, sing nampani kudu bungah,” kuwe ugemané Éyang Putri.

Pawakané cilik, ora pati dhuwur. Senajana umuré wis 68, kulité resik, sekabéhé mantesi nék Éyang Putri dadi bojo penatus. Solah-bawané rikat ning alus. Setia-tuhu ngladhéni maring wong lanang, ngasi nilaré Éyang Kakung. Sing inyong kémutan, saben ésuk Éyang Putri ésih nggawékna téh sekerpis sing banjur detutupi krembeng. Decawisna neng méja bunder, sebelah korsi goyang sing biasané nggo lenggah Eyang Kakung angger soré.

Biasané putu-putuné sing padha neng kota, cegigisan ngguyu, weruh bawané Éyang Putri.

“Éyang Kakung mbok wis séda, wis neng suwarga, koh ndadak degawékna wédang,” Ujaré Indah, anak wadoné Lik Héndro sing neng Jakarta.

“Kuwé toli tumrapé ko. Sing séda mung ragané. Éyang Kakung ésih neng kéné,” Ti semaur karo némpélna tangané neng dhadha. Ngendikané tetep alus.

Nganti séda, Ti ora tau ngoméhi putuné. Lewih akéh mulang anak-mantu kelebu putu wadoné mawa conto. Déné wong wadon kuwé suwarga nunut, neraka katut dadi bab sing denggo saben dinané. Nalikané urung duwé bojo, anak wadon kudu manut maring wong tua keloron. Ning sewisé mbojo, wong wadon kudu miturut karo bojoné. Ana beciké sing lanang kuwé sing detiru. Ana salahé wong lanang, kudu deélingna mawa cara sing alus. Kurang neng babagan dunya bisa dadi ngibadah. Sebisa-bisa ngréwangi ning ora nglancangi. Sing kesebut wanita kariér, ora nana salahé, asal tetep émut karo kodraté.

Waca Liyane:  Rahtawu

Wong wadon kuwé biyungé penguripan sing demolahi sekang umah. Angger urip neng ngumah wis temata, neng sekukuban uga banjur temata.

Ning angger kaum biyungé wis ora téyéng dadi conto pranataning urip, ya gari ngenténi rusake kaum.

***

Inyong migleg-migleg kamitenggengen nalikané weruh Ratri nyewék jarit paringané Éyang Putri. Jarit motif kembang kanthil bebungah kanggo putu mbarep nikahan. Inyong karo Ratri. Ora merga éman-éman karo jarité. Ning ruh sing ana neng jarit mau. Kémutan Éyang sing agi njagong neng jengkok nyandhing gantang nggo nggelar mori. Kémutan kabéh wasisé wong wadon sing banjur dadi pengimpéné, “Inyong mbesuk nggolét bojo sing solah-polahé kaya Ti.”

“Anu wis ora denggo ikih, Mas.” Ratri semaur nalikané tek aruh-aruhi.

“Ya, ning kuwé kan paringané Éyang Putri,”

“Apa enggané jarit baé dadi jimaté njenengan?”

Ora biasané Ratri madan mbagag. Ning inyong dhéwék madan mrinding weruh jarit sing umure 10 taun banjur desewék, brébét dadi loro. Mituruté Éyang Putri, kanthil mertandhani jejodhowane inyong karo Ratri sing bakal kemanthil-kanthil. Ora nana sing téyéng megat kejabané Sing Duwe Umur, Gusti Allah.

Mbuh kepriwé sewéke jarit gaweané Ti banjur dadi kléntaban terus neng mata. Senajan kedadiané wis méh sependhak ning ésih baé ngagéti. Awan nyambut gawé kémutan. Wengi arep turu dadi semelang.

Slasa Paing, 12 Maret 2002.

Ora nana sing téyéng megat kejabané Sing Duwe Dina, Gusti Allah. Bali ngodhé, biasané jam 17.30 inyong wis butul. Ning nyatané lalu-lintasé macet ora éram. Thamrin-Cimanggis sing biasané kesait rong jam, nyatané ngasi meh telung jam. Tekan ngumah wis jam 20.32, nembé mlebu maring garasi. Urip neng Jakarta, senajan mung angger awan thok, nyatané sing akéh dadi tuwa neng ndalan. Angger manggoné neng pinggiran, nyambut gawé mung wolung jam, neng dalan paling cepet limang jam. Sing mesti, tekan ngumah awaké wis lungkrah.

Waca Liyane:  Bilung Kesingkur

Neng ruang tengah anak lanangku loro agi sinau, kaya biasané dekancani Ina. Agi mangkat sekang ndesa nembé lulus mung SMP. Anak wadoné Wa Slamet sing sregep ngaji, étungane ngasi khatam pindho. Dadi seliyané ngréwangi sinau, uga gelem marahi ngaji anak-anaku. Neng Ratri dedhorong kon mélu Kejar Pakét A, banjur siki agi mélu kuliah Univérsitas Terbuka.

Sewisé adus, salin, inyong maring pesholatan. Tek sawang Ratri ngedheng neng sajadah. Ésih nganggo rukuh. Tangané sing sedhakep nyekel tasbéh. Rainé sing putih, katon resik kenang banyu wudu. Mbatin, ora salah inyong milih Ratri. Kejabané ayu, manut-miturut maring wong lanang, uga sregep ngibadah.

Ora tek gugah, kayané keturon ning lali banget. Inyong ngrampungi sholat Isya.

“Tri..”

Tek odhég-odhég maning Ratri meneng baé. Banjur tek ambung pipiné. Esih meneng baé. Tek elus-elus tlapakan sikilé, ora nggoplé. Tek ciwit alus kempongané, ora obah.

“Ko wis maem apa urung? Ayuh maem dhisit koh.”

Ratri ésih meneng. Ora tau-taune wayah wéné wis turu ngledher. Ora nguja banjur tek cekel ugel-ugelan tangané. Ora nana denyuté. Tek mék ngisor cengelé, adhem.

Innalillaahi wa inna illaihi rooji’un.

Gusti, kula ihlas napa ingkang Panjenengan paringaken kagem umatipun, mangga Panjenengan pundhut malih. Kula ridho napa ingkang Panjenengan titipaken dhumateng kula, mangga Panjenengan suwun malih. Nggih. Ingsun umatipun Panjenengan, ingkang namung ndhérék napa ingkang dados kersa. Panjenengan Ingkang Kagungan Dinten, namung kersa paring yuswa sekedhik kagem Ratri. Lillahi ta’ala. Kula boten ngenyang.

Kula namung nyuwun paring suwargi kagem garwa kinasih, Ratri. Ingkang selawasé umur bekti, nastiti, lan ngati-ati.


  • 8
    Shares