Menungsa lair ditutna neng sedulur papaté. Sedulur papat, lima pancer sing nggawa watek dhéwék-dhéwék. Kabéh ngetut selawasé urip.

Sepisan lodra, wujud nepsu seneng mangan. Mangan nggo urip, aja urip nggo mangan. Sepreluné tur dhéwék ngerti asalé pangan. Endi sing bener utawa luput dalané. Pangan sing bener, ndadékna awak wadhag lan alusé dadi séhat. Pangan sing ora bener cokan dadi penyakit.

Sing keloro sukarda, seneng sing énak tur kepénak. Mangan énak, turu kepénak, atine bombong. Glaha-gléhé kaya ora duwé utang. Enak tur kepénak ning ora ngepénakna utawa nyepélékna babagan urip sesrawungan.

Menungsa uga seneng bab sing édi-péni. Lumrahé menungsa, seneng kabéh sing apik tur resik. Ning kiyé rélatif. Resik tur apiké menungsa siji lan liyané ora padha kekarepané. Inyong seneng nganggo kathok jeans sing wis madan sowék. Tumrapé inyong kuwé apik, ning mungguhé wong liya ora apik, merga ngémuti umur. Ya ora papa.

Sing teluné nepsu angkara, wujud kekuatan utawa kadigdayan. Déné menungsa seneng ngrekadaya supaya dadi kuat lair lan batiné. Kuat lairé mawa olah raga, lan mangan sing nutrisiné apik. Kuat batiné, sing banjur luru ngélmu bab urip lan penguripané, kelebu laku sangkan paraning dumadi.

Urip ora mung piandel awak lan otot sing gedhé, uga butuh utek sing pinter ning bener. Ulat sing lepeng ora gampang adigang, adigung, lan adiguna.

Angger nepsu telu kuwé téyéng diselarasna, mula menungsa bakal duwé nepsu nuraga. Wujudé nepsu welas-asih kan tresna maring sepadha-padha.

Sing pungkasan kiyé sing madan angél neng jaman materialistis kaya siki. Merga kabéh wis nganggo étungan tuna-bathi. Luguné sepira, kudu olih bathi sepira. Wis kurang andum welas-asihé. Care and share, peduli dan berbagi.

Silih rasa, silih warna, silih wangi.

Ki Ndleming

Sing mandegani wébsite Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..