Kéwan undur-undur, pancén mlakuné mundur. Umah neng lemah lebuh bunder kaya sumur
Semut liwat kejegur, kéwan undur-undur ngucap muji syukur.
Olih pangan khalalan toyyiban.

Undur-undur siki wis langka, apa maning nang tlatah kota. Lemah pada di plur, mulané sewektu-wektu bisa blabur. Udan banyuné ngendong merga resapan entong
Sawah nggo gawé umah, hotel méwah lintang lima megah.
Gili diambani, tapi ora diimbangi irigasi, nggo dalan banyu mlebu maring kali.

Jéréné…
Sing penting dadi
Sing penting bathi
Sing kebangetan kuwé,
Sing penting bisa korupsi
Gili dicor dana ngglontor, wesi balungané dekurangi.
Giline mlethak merga kurang cagak kelakuané sing olih kontrak.

Kéwan undur-undur, marahi pegawé KPK padha mundur
Gegara aturan sing derasa ngawur,
Dewatesi banjur mundur metu siji-siji.
Padha ora betah, ora bisa ndimek lintah.
Lintah bungah jiglongan ngrangkul lintah-lintah pemeréntah.

Kéwan undur-undur,
Mlaku mundur lakuné bibi tani padha tandur winih pari thukul subur,
Indonésia adil makmur
Azuh padha bersyukur,
Aja maju dina, maju kufur takabur.
Émuta karo sing kwasa nang nduwur.

Rawalo, 29092020

Akhmad Mubarok

Guru neng SD Negeri 1 Cindaga Kebasen Banyumas.

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..