Dina Minggu wingi (20/12) neng Banyumas Kota Lama katon wong akéh pisan padha mlaku turut ndalan. Neng ngarep dhéwék ana wong siji ngomong nganggo megaphone, persis kayong guide wisata.

Nalika Ndleming.com takon maring salah siji peserta rombongan, jebul pancén bener ana acara plesiran. Mung sing dadi inti acara dudu plesirané, ning lewih maring ngenalna sejarahé.

Kegiatan kuwé mung salah sijiné rangkaian acarané komunitas penghobi sejarah sing nembé baé dilaunching. Jenengé Komunitas Babad Banyumas.

Acara diwiwiti sekang pelataran Masjid Nur Sulaiman, banjur jam setengah sanga tét kabéh peserta mlaku bareng maring situs Wit Tembaga.

Sedawané mlaku ana pemandu sing njelasna panggonan apa baé sing deliwati. Wantarané bekasé Kali Banyumas, Kali Gawé, Jl Adipati Mrapat, Gedung Kepatihan, lan sakpituruté.

Tekan situs Tembagan Pak Nassirun selaku inisiator acara njelasna sithik babagan sejarahé, kaitané karo Bupati Banyumas pertama, Jaka Kaiman. Banjur diterusna karo pembacaan serat Babad Banyumas neng pak Hadi Wasikun, wong Banyumas sing biyén tau dadi anggota DPR RI.

Sewisé rampung banjur dipungkasi karo peresmian Komunitas Babad Banyumas kanti simbolik ngiketna janur kuning ngubengi Wit Tembaga. Dipimpin langsung neng ketua Komunitas Babad Banyumas, Ki Agung “Jemblung” Wicaksono.

Nék neng situs Tembagan acara intiné peluncuran komunitas, neng Pendapa Kecamatan Banyumas beda maning. Acarané yakuwé launching utawa ngresmékna wébsite babadbanyumas.com. Dipandegani neng pak Abdul Kudus, Camat Kabupatén Banyumas.

Neng sambutané, Pak Camat ngendika déné kegiatan kaya kuwé apik pisan merga ngajak masrakat supayané émut marang leluhuré. Pak Camat nambaih, déné siki Kecamatan Banyumas uga lagi matengna konsép Banyumas Kota Lama dadi déstinasi wisata.

***

Ana kesan sing menarik pisan nalika Ndleming.com mélu acara kuwé. Ora mung neng prekara kemasan acarané, ning uga pesertané sing ora mung wong tuwa thok.

Katon akéh pisan bocah-bocah enom sing mélu nyengkuyung acarané. Mbuh dadi peserta utawa penggagasé. Fakta kiyé kayong wis njawab apa sing dadi ngresulané mbah-mbah lan wong tuwané dhéwék, sing jéré cah enom siki ora gelem sinau babagan sejarah lan wis kelalén marang leluhur.

Moga kabéh mau bisa dadi pertanda sing apik nggo masa depan Banyumas khususé lan tlatah panginyongan sekukubané. Sing paling penting, komunitas kiyé bisa dadi wadah nggo ngurip-uripi maning warisan leluhur.

Redaksi Ndleming.com

Sing mandegani website Ndleming dot com

Waca liyané:

Mayuh dikomentari luur..