Sempet ditutup lima dina, gedung DPRD Banyumas wis dibukak maning. Gedung ditutup jalaran ana lima anggota DPRD sing kena virus corona covid-19.

“Dina kiyé wis dibukak maning, ditutup ngasi wingi. Siki kiyé wis mulai ana kegiatan, tapi ésih dibatesi,” jéré Sékretaris DPRD Banyumas, Nungky Harry Rachmat, Kemis (27/8).

Nungky ngendika kegiatan mung pegawé neng sekitaran déwan. Sementara nggo kegiatan alat kelengkapan déwan ésih nunggu putusan sekang ketua DPRD Banyumas.

“Protokol keséhatan neng DPRD Banyumas wis diterapna sedurunge ana anggota déwan sing kena virus. Tapi sewisé kejadian anggota déwan sing positif kena virus, inyong lewih waspada uga perketat protokol neng sekitaran kantor DPRD Banyumas,” jéré Nungky.

Malah déwéké wis ngelakukna swab ming kabéh anggota déwan karo pegawéné. Tapi ngasi siki hasil swab massal urung metu sing dilaksanakna Dinas Keséhatan Banyumas.

“Wingi wis swab massal, hasilé ésih nunggu,” jéré Nungky.

Banjur, nggo ngantisipsi sebaran virus covid-19, ketua DPRD Banyumas ngelarang anggota déwan kegiatan neng luar mBanyumas.

Inyong pada bakal mbatesi kegiatan, termasuk nggo sementara nolak kunjungan tamu sekang luar kota, luar kabupaten Banyumas maksudé,” Nungky nerangna kaya kuwé.

Kepala Dinas Keséhatan (Dinkes) Kabupaten Banyumas, Sudiyanto, ngendika déwéké jéré wis ngelaksanakna prosés disinféksi neng aréa gedung DPRD. Ora mung kuwé, jéré wis ngelaksanakna tés swab ulang ming kabéh anggota DPRD karo kabéh pegawé sekitaran sékretariat déwan.

“Wis distérilisasi gedungé (DPRD Banyumas), juga wis ngelaksanakna tés swab ulang ming kabéh anggota karo pegawéné,” jéré Sudiyanto.

Redaksi Ndleming.com

Sing mandegani website Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..