Aranku Anna. Sejatiné Inyong tresna pisan maring negeri kiyé. Kaya déné bapak tresna maring ibu.

Ngasi siki ora ngerti jalaran sing marakna ibu kondur maring negarané, ninggalna bapak karo Inyong sing ésih balita. Bapak mung seniman sing arang payu, paling ora sengertiku. Jané bapak kelebu seniman sing srawa téyéng. Merga keparing téyéng neng werna-werna karya seni. Sing kuwé arang diduéni neng kanca-kancané.

Anéhé, bapak sibuk kaya ora tau ngaso, ana baé acara sing kemudu-kudu bapak lunga Maring ngendi papan utawa ketemu wong. Ngasi kadhang Inyong takon, kapan bapak nyambut gawé.

Ora jarang, Inyong kudu mélu repot pindah kontrakan, sing ndilalahé langka sing pantes dienggoni. Kelebu apik, nalika wis téyéng manggon neng umah pétak, neng lurung sing rupek. Senajan bab maring mburi, adus lan kakus, ésih kudu barengan karo tangga liyané.

Ora jarang uga, Inyong Karo bapak kudu nunut manggon neng nggoné batiré bapak, sing jéré wong sugih, jané ya ora. Sepisan-pindho turu neng penginepan sing ruangané amba, nggon ngumpulé bapak lan kanca-kancané, sing uga ambune werna-werna.

Tekan sawijining dina, bapak matur déné sedhéla maning arep manggon neng umah, sing mituruté bapak gawé seneng. Inyong téyéng sekolah, tur bakal duwé batir akéh. Kuwé sing banjur mboyong Inyong maring désa kiyé. Urip srawung bareng wong sederhana, neng désa éréngé gunung. Ngrasakna wengi sing sepi, ora ruwing kaya nalika manggon neng kota.

Nyatané bener, Inyong téyéng ambekan sing lewih seger. Timbang mambu kancané bapak lan kukus rokok neng balé sing gawé mumet gemleyeng.

Ning, neng kéné uga aran asliku arang keceluk. Tangga-teparo lewih seneng nyeluk Inyong “Wuk” thok. Aran anyar sing ora tau diterangna artiné karo bapak. Sebanjuré tek pikir aran kuwé mung celukan, sewisé krungu wong nyeluk Tinah nganggo celukan sing padha.

Urung kober takon bab kuwé maring bapak, nonoman ngkono wis klorongan nalika Inyong Karo Tinah liwat Prapatan.

“Wuk Bulé, Wuk Bulé!” Nonomané klorongan karo ngguyu.

Kupingé semreset, krasa mangkel neng dhadha, merga ngrasa nonoman kaé niat nudhuhna Inyong karo Tinah béda. Tinah paham Inyong kesuh banjur nyéréd tangan, ajék Inyong mlayu bali. Sepet kuwé Inyong mangkel karo nonoman pengangguran sing sekepénaké nyeluk Inyong. “Ora usah digugu, An,” Tinah nglipur mangkelku.

“Ujaré kaé padha sing paling pantes dadi menungsa apa?” Gemlethek, Inyong njerit karo madan mingseg-mingseg.

“Dénéng ko ngomong kaya kuwé?” Tinah kagét, banjur ngecul rangkulané.

Karo ésih mingseg-mingseg, Inyong crita kedadian 11 taun kepengker. Nalika semana bapak-ibu urung pisah. Sawijining wengi, bapak ajék ibu nyekséni sugatan sakral sing dianakna setaun sepisan. Ora pati kemutan raméné wengi kuwé. Ning telung taun seuwisé, ibu wis ora nana maning. Bapak crita bab kuwé.

“Ramé pisan, Nduk. Wong-wong padha rebut nggon sing paling ngarep supaya téyéng nonton iring-iringan.”

Rupané wengi kuwé pungkasan Inyong metu jangkep sekeluarga. Miturut bapak, ibu seneng nggedék-gedékna masalah cilik. Bapak crita kahanan wengi kuwé. Ning ibu wis kadhung lara ati, lunga ninggal bapak karo Inyong sewulan seuwisé.

Sepet diceluk “Wuk Bulé” Inyong lewih seneng ngindha sekang prapatan, pos rondha, lapangan, utawa nggon thongkrongané nonoman sing cangkemé ruag. Tina seneng ajék dolan maring sawah lan balé désa. Liwat lurung cilik, kaya labirin, langka batian antara umah lan pekarangan.

Kémutan bapak matur, wong désa kuwé sederhana uripé ning jané sugih. Kabéh duwé umah tur pekarangan sing ambané ping lima malah lewih umahé wong kota. Unggal umah uga duwé kandhang sing isi ingon-ingon. Urung maning lumbung sing nggo nyimpen gabah lan hasil panén liyané.

Karo wong-wong désa kaé, Inyong karo Tinah banjur dadi gadis désa. Merga Tinah Inyong téyéng sinau akéh. Sepet cilik Inyong wis biasa nganggo basa Jawa. Ora kangélan ngetut Tinah dolan.

Wong tuané Tinah uga wis kaya wong tuané dhéwék. Apa maning uga merga bapak sing arang neng umah. Inyong lewih akéh diurus neng Pakdhé lan Mbokdhé, kaya déné ngurus Tinah. Piyambaké uga sing njelasna babagan paraban “Wuk Bulé” nalika Inyong madan gedhé.

Kabéh dijelasna nganggo krama alus, gandhéng-cenengé karo bab kuwé. Kelebu werna-werna hal sing kudu dingerténi neng prawan, supaya dadi wong Jawa sing temenan.

“Aja gela maning ya, Wuk. Wuk kuwé ora saru,” Mbokdhé nambahi.

Mbokdhé sing sabar sekeliwat nggawé Inyong semangat goli sinau. Masak, mbatik, ngibing, dandan, lan gawé jamu, cepet tek sinauni lan téyéng. Inyong banjur sering diundang maring ngendi-ora, merga keahlian.

Sawijining dina mbésuk, kuwé sing ndadékna sejatiné Wuk Bulé. Prawan rai Éropa ning kepribadhéné Jawa. Ning uga ésih ana rasa gela merga pisah karo Tinah. Tinah ngrasa gela merga kudu dadi wong nomer loro, neng mburiku.

Wengi gantiné taun anyar Jawa, sing biasa dipéngeti mawa Sekaténan, neng rubungané wong, rebut berkahé Kiyai Slamet, ana prawan cilik bungah neng pungguané ramané.

Kulité sing gemadhing dadi mbranang kena soroté lampu mérkuri. Rambut irengé sing ketel, diképang loro. Ibu kéri adoh neng mburi, kepeksa nampa jowal-jawilé wong jail. Wong wadon kuwé ora ngerti déné berkahé wengi kuwé kanggo prawan ayuné mbésuk.

Ian Hasan

Lair neng Ponorogo. Siki lagi giat-giaté ngurusi Sanggar Pamongan Karanganyar. Aktif neng akeh komunitas, salah sijiné Komunitas Kamar Kata

Mayuh dikomentari luur..