Mau soré sewisé udané terang, kira-kira jam setengah papat an, Ki Ndleming sowan maring dalemé seniman lan budayawan Banyumas, Titut Edi Purwanto. Pancén nguja sowan merga kepéngin sinau babagan Panginyongan, sisan ngenalna wébsite Ndleming.com sing nembé rong wulan kepungkur launching.

Pajangan lukisan karyané Pak Titut sing akéh ora étung, ditambah suguhan kopi buket karo munthul goréng, ndadikna dopokan soré kuwé nylekamin pisan.

Nembé sepisan Ki Ndleming bisa adep-adepan langsung karo seniman Banyumas sing gondrong lan nyentrik kiyé. Sedurungé, Ki Ndleming mung weruh Pak Titut sekang adohan, mbuh nalika agi “konser” neng ndhuwur panggung, utawané ndeleng videoné neng Youtub.

Mulané dadi ngerti, jebul pembawaané Pak Titut nalika neng panggung karo ngadepi tamu ya padha baé. Blakasuta, apa anané lan gole crita semangat pisan. Ciri khasé, pisan pindo nyelani obrolané karo nembang.

Umahé Pak Titut Ana Sétané

Babagan umahé ana setané kuwé ya pancén temenan. Nék ora percaya deleng baé tulisan gedhé pisan sing ana neng ngarep umahé: Disini Ada Setan. Ketambahan akéh pisan ornamén medi kaya bujungan depajang neng ruang tamu.

Lha, ndeleng kabéh mau apa rika banjur ngandel neng kana ana setané?

Nek wong sing ora mudheng, mesthi langsung ngarani Pak Titut apa sing ora. Ngarani sesat utawané nyupang. Padahal sing Ki Ndleming tangkep, kabéh mau jané mung bentuk protésé Pak Titut maring kebiasaané menungsa sing ndeleng menungsa liyané mung sekang kulit. Sekang penampilan njabané.

Nyatané, sedawané dopokan kawit jam 4 soré tekan jam 9 mbengi, sing akéh diobroli malah babagan spiritualitas. Ki Ndleming uga dijak Pak Titut sembahyang maghrib jamangah neng mesjid. Naah kiyé salah sijiné rutinitasé beliau neng lingkungané.

Karakteré Wong Banyumas

Pak Titut uga njelasna sithik soal karakteré Wong Banyumas sing nduwéni pendirian kuat lan ora gampang goyah. Logat lan cara ngomongé wong Banyumas sing ndeplak, jelas sekabehané, dadi perlambang karakteré sing jujur lan apa anané.

Mituruté Pak Titut, wong Banyumas uga nduwéni sikap sing egaliter, ora urusan karo kasta. Tetep ngurmati maring sepada-pada, ning uga ora ndepa-ndepa maring wong sing dianggep duwé kelas sosial lewih dhuwur.

“Nyong angger ketemu pejabat ya tetep ngurmati mas, tapi ora mbungkuk-mbungkuk. Pokoké wis tek anggep kancané dhéwék baé”, ngendikané.

Pitutur Nggo Ndleming.com

Kaitané karo website Ndleming.com, sedawané dopokan Pak Titut ora kurang-kurang golé nyemangati.

Mituruté Pak Titut, jaman siki wong sing terpanggil nggo nguri-uri budaya lokal wis jarang pisan. Wébsite Ndleming.com diharapna bisa dadi sarana nggo nguri-uri lan ngurip-urip maning budaya leluhur. Numbuhna katresnané wong Banyumas maring basa biyung. Sapa ngerti bisa dadi dalan nggo mbalékna maning kejayaan peradaban Jawa, khususé neng wilayah Banyumasan lan Panginyongan.

“Inyong seneng pisan ketemu njenengan kabéh. Inyong ndukung sepenuhé. Insya Allah kiyé dalan ngibadahé dhéwék padha..”, ngendikané Pak Titut nutup obrolan.

Redaksi Ndleming.com

Sing mandegani website Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..