Bahasa nuduhna ciri-wanci sawijining bangsa. Ana 720 lewih basa neng Indonésia. Béda gonggoman, béda uga basané. Sumpah Pemuda wis dadi sumpahé wong se-Indonésia. Déné ngakoni duwé basa siji, Bahasa Indonésia.

Nggugah gumregahé nasionalisme, diwiwiti sekang ngregani maring basané biyung. Ngregani basané biyung diwujudna mawa nganggo basa asli sing gemiyen ana neng papan ngkéné.

Banyumasan utawa penginyongan, wis dienggo sepet kuna-lereng. Malah ana literasi sing nudhuhna déné Basa Banyumas dadi induké Basa Wangsa Jawa.

Tulisan diwaca apa anané. Ora nana sing dilong. “Bapak” diwaca “bapak” dudu “bapa'”. Aksara “a” diwaca “a”, dudu “o” énthéng. “Werkudara” diwaca “werkudara” dudu “werkudoro”. “Ngapa” dewaca “ngapa” dudu “ngapak”.

Dudu agi ngaku bener sing banjur ngluputaken liya. Ning akéh ukara sing banjur dadi salah nulisé, salah sebanjuré, blaine maning dianggep bener. Siki wis langka wong nulis “Sala” merga wis kadhung ditulis “Solo”.

Inyong tetep nulis nganggo Banyumasan, eh mbok menawa selugut-serambut migunani mengkoné. Ndopoka ya tetep Banyumasan neng ngendi papan.

Waca Liyane:  Film

Ana mahasiswa sing kuliah neng Jogja, rong wulan neng kana wis bandhékan. Uga ana mahasiswa sing neng Bandung, ora let suwe wis pinter Basa Sundaan. Ning sing kuliah neng Purwakerta, tetep bae nganggo basane dhéwék-dhéwék.

Ndresani maning, malah wongé dhewek isin nganggo Basa Biyungé.
Ya ora papa. Muga-muga ngésuk-ngemben padha kasdu sinau Basa Banyumasan. Basa Penginyongan dudu basa bala dhupakan kaya sing neng tivi. Ning uga basa biyung sing kudu diurmati.

Waca Liyane:  Tuma