Dhéwék kuduné éling lan takon maring awaké dhéwék, kenangapa akéh wong sing ora duwé lemah? Apa rakyaté dhéwék sengaja diciptakna urip ketindes lan melarat?

Padahal kabeh menungsa butuh lemah. Nganti mati menungsa uga butuh lemah nggo ngubur awak.

Pembangunan sing ana neng Indonesia gawe wong tani lan rakyat rugi. Pabrik, tambang, lan bangunan beton liyané mung nyingkirna rakyat. Rakyat akhiré mung dadi babu neng tanah air é dhéwék.

Rakyat sing nduwéni umah uga ora bener-bener nduwéni daulat. Nggo nduwé lemah kudu tuku lan bayar pajak, wis kaya kuwé angger lemahé dijaluk negara uga kudu manut. Jéré alesané nggo pembangunan lan kemajuan negara.

Mayuh jajal takon maring awaké dhéwék, apa bener dhéwék butuh pembangunan sing ngerusak lemah? Pembangunan sing nyolong lemah?

Pemeréntah mbangun Indonésia bén kaya negara maju liyané. Apa bener dhéwék gelem dadi menungsa sing kaya neng negara liya? Sing dimaksud maju sing kepriwé disit?

Maju ora kudu nyolong lemah, ora kudu ngrebut hak-hak rakyat.

Neng pemeréntahané Jokowi-Amin, sedawané taun 2015 ana 2.145 sengkéta lemah, mung 947 kasus sing dirampungna.

Pas taun 2016, sekang 2.996 sengkéta mung 1.570 sing dirampungna. Taun 2017, pemeréntah mung rampungna 1.034 perkara sekang 3.293 kasus. Per 2018, mung 480 kasus sengkéta lemah sekang 2.368 kasus.

Taun kiyé uga ana konflik lemah neng daérah Wadas, Purworejo. Lemahé warga dijaluk pemeréntah nggo pembangunan tambang watu andesit, perusahaané nduwéké swasta. Ambané sekitar 400 héktar, ana 8 désa sing digusur peksa.

Priwe jal? Ora rila mbok nék lemahé dhéwék dijaluk segelem-gelem? Dhéwék arep manggon neng ndi?

Lemah kuduné bisa dadi panggonan urip sing tentrem. Ditanduri bén tetep rahayu. Segara tetep seger. Ora kuduné ditanduri beton, uga nggolét iwak neng segara sing buthek.

Sebab, rakyat Indonésia urip neng lemah sing bisa nyukupi uripé dhéwék. Duwé lemah sing subur lan sugih. Bisa nyukupi rakyat sing urip neng ndésa, uga rakyat sing urip neng kota.

Dunya kiyé kudu dijaga lan dinikmati bareng-bareng, langka sing nguasai. Lemah kudu dibagi pada adilé lan ratané.

Angger neng Undang-undang 1945 Pasal 33 Ayat 3, lemah, banyu, lan werna-werna kandungané kuwé dikelola negara lan digunakna kanggo kebutuhan rakyat bén makmur, digunakna kanggo maslahaté sekabéhané menungsa.

Anané Badan Pertanahan Nasional (BPN) tugasé ora mung mbagi-bagi sertifikat lemah thok, tapi kuduné mbagi-bagi lemah. Mbagi-bagi lemah mutlak kanggo rakyat.

Rakyat ora mung disilihi hak guna lan hak usaha. Sebabé, ewandéné rakyat duwé sértifikat, siki pemeréntah ésih duwé hak nguasai lemah, pemeréntah bisa dolanan hukum nggo nyolong lemah kanggo mafia lemah lan pengusaha gedhé. Sewektu-wektu pemeréntah bisa nyolong lemah rakyat nganggo alesan hukum lan pembangunan sing rakyat awam ora paham.

Sing jelas, pemeréntah ora kuduné nguasai lemah. Fungsiné negara sing diatur pemeréntah kuduné mbagi-mbagi lemah nggo rakyat. Mayuh rebut maning lemahé dhéwék nggo kemakmuran rakyat. Lestarikna dunya nggo urip kabéh makhluk.

Sing kuduné dibangun kuwé dalan pikiran sing adil lan maslahat nggo bareng-bareng, mbangun kesadarané menungsa termasuk njaga hak-haké.

Andika Satria

Tukang nulis. Siki fokus nggolét bojo lan ngurusi gerakan sosial

Mayuh dikomentari luur..