wingi setu siki minggu
bocah sekolah ora mlebu
murid pikét ora nyapu
wong tua ora awéh sangu

dadi guru kudu sabar lan tawadhu
ngilmu dhasar ngilmu luhur kanti wilaku
lugu abab kanggo sebab
ana sebab dadi bab
luruh sangu wénéh sangu
obor padhang kanggo mlaku

tangi turu mripat julalatan
arep kemu nabrak kumbahan
profési guru pancen pilihan
sumber ilmu agén perubahan

guru
glugu turu nggo powotan
sapa liwat ora kangélan
aja gamam aja kesusu
ngadeg jejeg ora éla-élu
barang becik aja keliru
barang ala empakena betharakala
sangu ilmu
kon uripé ora kenang bendu

mangkat mancing neng buri, mlayu plencing mbok kéri
suluh klari deobari, deilang-ileng mati
guru kencing berdiri murid kencing berlari
guru kencing berlari muridé deleng sing buri

kolang kaling sabrang wétan
éling tinéling aja rebutan
mbok dipangan mrekayangan
mengko malah ora keduman

ngusap bathuk pérek sirah
sisir garu deselah ngumah
aja umuk aja srakah
dari guru kudu sing lumrah

kukuruyuk jago kluruk
bapa guru manthuk-manthuk
ésuk-ésuk mangan ondol karo gethuk
usap bathuk aja dithuthuk
jaman siki wis ora mathuk
mulang muruk kudu nganggo ilmu

roti sagu depangan énak
goleti mantu jodho keponakan
dadi guru pancén kepénak
sertifikasi metu nambah gendhakan

guru
minggu préi ora mlebu
ngomong saru ora prelu
becik ilmu lumrah laku
salah sepethit depenthung alu

mutiara watu akik
najan watu duwé rega
gara-gara nabok murid
ana guru mlebu penjara

jeg lajer ginejer sumber kawruh uger
sejejer ngelmu linuwih ning sumber

kuduné

25112004

Wanto Tirta

Lair neng Desa Kracak Ajibarang Banyumas. Seneng nulis lan maca puisi, guritan neng ndi papan. Uga maen teater lan ketoprak.

Waca liyané:

Mayuh dikomentari luur..