Sing ndadékna pikiran nyenyet
merga kurang dolan karo ngulét
maring panggonan sing padhang
cemloroté caya ilmu kaya dikudang-kudang

mbesanu, wong sering kelalén
merga ninggalna sing wis kulina
wis ora sranta kepéngin sugih dunya
sugih akhérat wis nglokro ora telatén

Mulané sing raket karo mbleketaket
angger perkara sesrawungan kudu kémutan karo kanca batir
rasa legi apamaning pait ledher dudu perkara mumet
angger mancleng maring Sing Gawé Urip wis ora kuwatir

dadi wong sepadha-padha aja saklek
dol tinuku nggolét bathi aja nekek
madhang rong wakul nganti mlungkek
sandang tuku wingi nganti seret padha suwék

Ayuh, sing ati-ati lakumu sing apik aja nganti cidra
Bagén urip nésih ning kasta sudra
Drajat lan pangkat ora kudu dimaknani cupet
sing temen anggoné nutup sing prampang dadi rapet

Mahbub Djunaidi
Sanggar Gazébo, 12102021

Mahbub Junaidi

Penyair sekang Bumiayu Jawa Tengah.

Mayuh dikomentari luur..