Budaya ana merga rarasing rasa lan karsa. Sekang kana, angger diwedhar ora cukup mung dadi setulisan. Bisa éwon buku lan yutan judhul. Mula inyong mung nulis setengi, anaké tengu.

Bab basa.

Ora cukup mung klambi pangsi, kathok komprang, iket-iketan supaya disebut budayawan, utawa pegiat budaya. Solah-polah kudu nepak awak, apa bener kaki-nini mulang mawa conto sing kaya kiyé?

Larang regané, ora ketuku mawa dunya. Ning téyéng kecekel mawa ati tulus, ora kakéhan mendha-mendha, apa maning mung rékayasa.

Ana sedulur sing nungsang-jempalit mbélani kepéngin mélu ngurip-urip basa Banyumasan. Ora duwé duit, ning dudu sing bangsa kemrokos utawa clamit.

Kabéh seanané, setéyéngé, semlakuné. Kebintal, kepadhuk, kelarak, paribasan dhengkul ngasi mlodhok, gawé média online Banyumasan, sing banjur diarani ndleming.com.

Arané mung ndleming, ora wani atos tur genah. Merga mung agi kepéngin dadi wong bener, lan sinau ngormati basané biyung.

Mula salah ya mantesi, merga mung ndleming. Ora apik ya patut, arané wong ndleming. Ora ilmiah ya genah, genah anu ndleming. Ning jéré mbok menawané, ora kétang selugut-serambut, ana sumbangsihé nggo basa Banyumasan kapingarepé. Ora nggolét gagah, menang, tur bener.

Jebul ora gampang. Ketekeng-tekeng, uruna apa anané digabrugna. Apa téyéngé dimuat lan molahi ditiliki neng pemirsa. Mula mayuh diréwangi. Aja mung klempas-klempus kaya kodhok ngorék. Moniné gemrebeg neng kuping, jebul mung telihé sing gedhé..

Ki Ndleming

Sing mandegani wébsite Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..