Kayané méh seamba-dawané nuswantara, iket-iketan wis dadi tradisi. Désa mawa cara, saben gonggoman duwé gaya tur curekan dhéwék babagan iket sing denggo. Sing akéh iketé bathik, senajan uga ana sing putih polos.

Banyumas, manut tuturé kaki, duwé curekan dhéwék sing kawetar dadi iket wulung. Curekan utawa motifé titik sekar kanthil. Werna kainé biru tuwa semu ireng, kaya pring wulung. Curekan kanthilé werna putih sing debathik nggo pinggiran lan tengahané. Ning aran menungsa, akulturasi budaya merga srawung ngiwé-nengen, ngalor-ngidul banjur curekan lan wernané dadi werna-werna.

Mituruté Kaki Tir, sing kasepuhan neng Kalitanjung, iket kawit mula degawé segi papat. Ngemu ukara sedulur papat, lima pancer neng tengahé. Bareng arep denggo, detekuk diagonal dadi segi telu. Telung perkara sing kudu deormati. Wujudé wong tua sekeloron, guruné, karo Kanjeng Nabiné. Témpélna neng sirah, banjur ngarepé ngecucung neng ndhuwur bathuk. Prelambang nyawiji, siji temuju maring Gustiné.

Rampung debenahi pinggirané, banjur dejiret kenceng maring mburi. Sret. Iket dadi prelambang nyawijiné pikiran karo ati. Sing kudu denggo neng wong lanang, merga pikirané sering mambrah-mambrah ora genah. Sirahé kudu dejiret sing rosa supaya ora mikir babagan sing ora kanggo nggawé.

Ning kuwé dudu sing kemudu-kudu. Wa Éyang Nardi, Wa Teguh Wa Yayo, Kang Sotim Mamock Ngudi Utomo, Kang Trimo Sukmo Lelono, sregep nganggo iket. Biasané iketé segi papat desigar diagonal dadi loro banjur deobras. Madan ngirit, téyéng separo éwang karo kanca sing uga kepéngin nganggo. Banjur sing ngecucung neng ngarep biasané detekuk, kon lewih rapi. Nyatané para preyayi kaé, iketan lewih kéwes.

Neng perangan liyané, siki kabéh pangréh praja Kabupaten Banyumas angger dina kemis ya iketan. Werna-werna motif lan gaya nganggoné. Ora papa, sing penting temenan wis gelem ngiket ati karo pikirané. Ora gampang obah-mosik weruh godhaning dunya. Ora gampang melik barang sethithik.

Iket dadi pengiketé Indonesia.

Rangga Sujali

Mantan wartawan Tempo lan Forum Keadilan. Siki manggon neng Bali.

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..