Ésuk-ésuk inyong arepan mulang
mulang siswa sing weruh wujudé
wis méh setaun kaya wong linglung
kepéngin guyon, ningén angél kahanané

Inyong mlaku mbukak lawang
karo mésem ngguyu seapik-apiké
Ningén, owalah, jebul langka menungsané
mung rayap sing pada mlaku segelemé
karo celurut sing mlayu sesenengé

Duh Gusti sing maha ngerti
kiyé nang endi bocah-bocah
ujarku virusé wis pada pecah mblarah
wis ancur lebur njur kurugan lemah
ningén, jebul bocah rung pada mlebu sekolah
apa inyong mbengi anu ngimpi?

Duh Gusti sing maha ngerti
dénéng viruse urung ilang?
Kepriwé kiyé nasibe bocah-bocah?
Kepriwé nasibé pendidikan Indonésia?
Inyong lemes, inyong ngenes, Gusti

Duh Gusti, sing maha ngampuni
nyong pamit turu, njur ngimpi.

Eri Setiawan

Lairan Banjarnegara. Manggon neng Desa Ledug, Kembaran Banyumas. Siki dadi guru neng SMP Negeri 2 Pengadegan Purbalingga.

Mayuh dikomentari luur..