Ngingu dara detitipena
Deselah kandhang nduwur para
Gara-gara Virus Corona
Akéh wong mriang padha lara

Bantal guling kapuké laka
Kapuk klenthéng depé neng njaba
Kula weling nggo inyong rika
Ayuh bareng kudu waspadha

Mangan geplak rasané nikmat
Pancén asik nggo médangan
Jaga awak supaya séhat
Urip séhat cuci tangan

Tuku sikat mlakuné kebat
Tuku buah anané tomat
Awak séhat Corona minggat
Rakyat bungah negara kuwat

13032020

Wanto Tirta

Lair neng Desa Kracak Ajibarang Banyumas. Seneng nulis lan maca puisi, guritan neng ndi papan. Uga maen teater lan ketoprak.

Waca liyané:

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..