Lemud

Ngang-nging ngang-nging….
Marahi pengengé kuping
Ngganggu maring wong agi turu
Nyokot gari nyokot
Nyerot gari nyerot
Necep getih asal lirih olih
Gatel, sing marahi mangkel
Merga lemudé wetengé uwis minthel
Kebek Isi getih kenthel

Jane ora papa, asal aja dadi Mala
D.B. utawa Malaria
Ikhlas asal waras
Lemudé ngodor, deniati dhonor
Awéh pangan sepadha-padha

Ngang nging…. ngang nging… mbudegi kuping
Swarané lemud ora kena depenging

Jané nggugah kon padha éling
Turu lali mbok ana maling
Najan lawang jendhéla uwis dekancing.

Ngang nging ngang nging
Lemud mencrok mesthi detabok
Nyokot nang panggonan katon nyolok
Klakuané lemud sing pekok
Getih mubyar… Ambyar

Mulané ayuh sedulur, padha rawat latar, kon sangkan jembar
Lemud ora betah, ora bisa gawé umah
Kuping ora ruwing atiné ayem ora rungsing

Ngang-nging, ngang-nging
Sing lanang polah maning
Nyokot panggonan mburi kuping
Sing decokot maju kerot
Kepingin decokot maning

Ngang, nging, ngang, nging
Lemud kena nggo pemut
Bresihan kuwé klebu wajibé wong duwé iman

Rawalo, 14.11.2020

Akhmad Mubarok

Guru neng SD Negeri 1 Cindaga Kebasen Banyumas.

Mayuh dikomentari luur..